ꦕꦶꦏꦭ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ

13 Februari 1755

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸ​ꦗ​ꦫꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦱꦼ​ꦫꦠ꧀ꦧꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦸꦁ​ꦏ​ꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲ​ꦧꦢ꧀ꦏ​ꦥꦶꦁ​꧇​꧑​꧖꧇ꦲ​ꦚꦼ​ꦧꦸ​ꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦱ​ꦮꦶ​ꦗꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦆ​ꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦱꦶ​ꦱꦶꦃ​ꦠꦼꦁ​ꦔꦃ​ꦧ​ꦒꦺꦪꦤ꧀ꦏꦶ​ꦢꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠ​ꦤꦶ​ꦩ​ꦡ​ꦫꦩ꧀꧉ꦥꦸꦚ꧀ꦗꦼꦂꦫꦶꦁ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶ​ꦏ​ꦩ​ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸ​ꦛ​ꦒꦼ​ꦣꦺ꧌ꦱꦶ​ꦱꦶꦃ​ꦏꦶ​ꦢꦸꦭ꧀ꦮꦺ​ꦠꦤ꧀ꦏꦸ​ꦛ​ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦲꦶꦁ​ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦱ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧍꧈ ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​ꦣ​ꦠꦼꦁ​ꦑꦼꦂ​ꦡ​꧈ ꦥ꧀ꦭꦺ​ꦫꦺꦢ꧀꧈ ꦑꦂ​ꦡ​ꦯꦸ​ꦫ​ꦭꦤ꧀ꦯꦸ​ꦫ​ꦑꦂꦡ​꧉ ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦢ​ꦔꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦏ​ꦮꦶ​ꦧ​ꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏ​ꦮꦼ​ꦤꦁ​ꦔꦤ꧀ꦩꦡꦫꦩ꧀ꦱꦁ​ꦱ​ꦪ​ꦏꦶ​ꦱꦿꦸꦃ​ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥ​ꦚ​ꦫꦸ​ꦮꦺ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦼ​ꦤꦶ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧉ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼ​ꦫ​ꦏꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦶ​ꦥꦼꦚ꧀ꦗ​ꦗꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦺꦒ​ꦤꦶ​ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦁ​ꦑꦸ​ꦨꦸꦩꦶ​꧉ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥ​ꦔꦂ​ꦱ​ꦤꦶꦁ​ꦥ​ꦱꦸ​ꦭ​ꦪꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦏꦸꦩ꧀ꦥꦼ​ꦤꦶ​ꦱ​ꦲ​ꦠꦺꦴ​ꦏꦺꦴꦃ​ꦠꦺꦴ​ꦏꦺꦴꦃ​ꦥꦿꦶ​ꦧꦸ​ꦩꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦧ​ꦔꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ​ꦦ​ꦡꦶꦃ​ꦦꦿꦶꦁꦓ​ꦭ​ꦪ​꧉ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦩꦸꦁ​ꦏ​ꦱ꧀ꦱꦶꦥ​ꦢꦸ​ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺ​ꦤ꧀ꦓꦶ​ꦪꦤ꧀ꦡꦶ​ꦲꦸ​ꦠ​ꦮꦶ​ꦦ​ꦭꦶ​ꦲꦤ꧀ꦟ​ꦓ​ꦫꦶ​꧉

ꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦺꦤ꧀ꦓꦶ​ꦪꦟ꧀ꦡꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺ​ꦏꦼ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦱꦸꦂꦪ​ꦏꦥꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦦꦺ​ꦨꦿꦸ​ꦲ​ꦫꦶ​ ꧇​꧑​꧗​꧕​꧕꧇ ꧌ꦏꦼ​ꦩꦶꦱ꧀ꦏ꧀ꦭꦶ​ꦮꦺꦴꦤ꧀꧈ ꧇​꧑​꧒꧇ ꦫ​ꦧꦶ​ꦔꦸ​ꦭ꧀ꦲ​ꦏꦶꦂ​ ꧇​꧑​꧖​꧘​꧐꧇ ꦮꦂ​ꦱ​ꦗ​ꦮꦶ​꧍ꦩꦿ​ꦠꦺ​ꦭ​ꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩ​ꦡ​ꦫꦩ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦭꦶꦃ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦏ​ꦱꦸ​ꦤ​ꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦯꦸꦫ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦔꦿꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂ​ꦡꦲ​ꦢꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦔꦿꦠ꧀꧉ ꦯꦸꦫ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦂ​ꦱ​ꦤꦶ​ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦱꦸ​ꦱꦸ​ꦲꦸ​ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸ​ꦨꦸ​ꦮꦟ​꧇꧓꧇ꦭꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦲꦸ​ꦠ​ꦮꦶ​ꦭꦶ​ꦩꦿꦃ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼ​ꦧꦠ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂ​ꦡ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦂ​ꦱ​ꦤꦶ​ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦁ​ꦑꦸ​ꦨꦸ​ꦩꦶ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸ​ꦮꦤ꧇꧑꧇​꧉

ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺ​ꦤ꧀ꦓꦶ​ꦪꦤ꧀ꦡꦶ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦥ​ꦱ​ꦩꦸ​ꦮꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶ​ꦱ꧀ꦱꦶ ꦥꦸꦱ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦱꦸꦤꦤ꧀ꦯꦸ​ꦫ​ꦑꦂ​ꦡ​ꦲꦶꦁ​ꦊ​ꦨꦏ꧀꧈ ꦗ​ꦡꦶ​ꦯ​ꦫꦶ​ꦱꦸꦂꦪ​ꦏ​ꦥꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧕꧇ ꦦꦺ​ꦨꦿꦸ​ꦲ​ꦫꦶ​ ꧇​꧑​꧗​꧕​꧕꧇ ꧉ ꦱ​ꦏ꧀ꦊ​ꦧꦼ​ꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦥ​ꦱ​ꦩꦸ​ꦮꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦫꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦥ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶꦁ​ꦣ​ꦱꦂꦫꦶꦁ​ꦏ​ꦧꦸ​ꦢ​ꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦧꦼꦤ꧀ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ ꦮꦺꦴ​ꦱ꧀ꦱꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠ​ꦤꦶ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺ​ꦤ꧀ꦗ​ꦡꦶꦯꦫꦶ​꧉ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦧꦺꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶ​ꦫꦶ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦼ​ꦏ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱ​ꦤꦺꦱ꧀꧉

ꦥꦶ​ꦉꦩ꧀ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦔꦼ​ꦮꦿꦠ꧀ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦠ​ꦠ​ꦕ​ꦫ​ꦧꦸ​ꦱ​ꦤ​꧈ ꦲ​ꦢꦠ꧀ꦲꦶꦱ꧀ꦠꦶ​ꦪ​ꦢꦠ꧀꧈ ꦧ​ꦱ​꧈ ꦒ​ꦩꦼ​ꦭꦤ꧀꧈ ꦧꦼꦏ꧀ꦱꦤ꧀꧈ ꦭꦤ꧀ꦱ​ꦥ​ꦤꦸꦁ​ꦒ​ꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦭ​ꦗꦼꦁ​꧈ ꦮꦺꦴ​ꦱ꧀ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺꦤ꧀ꦗ​ꦡꦶꦯ​ꦫꦶ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸ​ꦨꦸꦮꦟ ꧇꧑꧇ ​ꦔꦼꦂ​ꦱ​ꦏ꧀ꦏ ꦏꦼꦤ꧀ꦧ​ꦣꦺ​ꦲꦁꦭ​ꦗꦼꦁꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦲ​ꦢꦠ꧀ꦭ​ꦩꦶ​ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦩ​ꦡ​ꦫꦩ꧀꧉ ꦱꦼ​ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸ​ꦒꦶ​꧈ ꦱꦸ​ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸ​ꦨꦸ​ꦮ​ꦟ ​꧇꧓꧇​ ꦱ​ꦫꦸ​ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦲꦤ꧀ꦢ​ꦩꦼꦭ꧀ꦩꦺꦴ​ꦣꦶ​ꦥ꦳ꦶ​ꦏ​ꦱꦶ​ꦲꦸ​ꦠ​ꦮꦶ​ꦩꦸꦂ​ꦱꦶ​ꦠ​ꦮꦸ​ꦗꦸꦢ꧀ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀꧉ ꦥ​ꦱ​ꦩꦸ​ꦮꦤ꧀ꦗ​ꦡꦶꦯꦫꦶ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲ​ꦠꦼꦂ​ꦲ​ꦠꦼꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧ​ꦏ​ꦤꦶꦁ​ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶ​ꦱ꧀ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂ​ꦡ​ꦭꦤ꧀ꦯꦸꦫ​ꦑꦂꦠ​꧉

ꦱꦸꦂꦪꦏ​ꦥꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦩ​ꦉꦡ꧀ ꧇​꧑​꧗​꧕​꧕꧇ ꧌ꦏꦼ​ꦩꦶꦱ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦗꦸ​ꦩ​ꦢꦶ​ꦭ꧀ꦲꦮꦭ꧀ ꧇​꧑​꧖​꧘​꧐꧇꧍ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦱꦸꦂꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦒ​ꦣꦃꦲꦶ​ꦱꦸ​ꦗ​ꦫꦃ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦏꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂꦡ​​꧉ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦂꦪ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦥ​ꦮꦂ​ꦠ​ꦲ​ꦢꦼ​ꦒ꧀ꦒꦶꦁꦤ​ꦒ​ꦫꦶ​ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂꦡ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦔꦿꦠ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦪꦮꦫꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧇ꦱꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸꦮꦤ꧇꧑꧇ꦲꦩꦶꦮꦶꦠꦶ ꦥꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴꦓꦾꦑꦂꦡꦲꦶꦁ ꦱꦸꦂꦪꦏꦥꦶꦁ ꧇꧙꧇ ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ ꧇꧑꧗꧕꧕꧇꧉

ꦲꦁ​ꦒꦺ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦧ​ꦔꦸꦤ꧀ꦏ​ꦭꦩ꧀ꦥ​ꦲꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦁ​ꦏꦥ꧀ꦱꦼ​ꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀꧉ꦱ​ꦭ​ꦩꦶ​ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧ​ꦔꦸ​ꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸ​ꦮꦟ​ ꧇꧑꧇​ ꦱꦂ​ꦠ​ꦏ​ꦭꦸ​ꦮꦂ​ꦒ​ꦩ​ꦱꦁ​ꦒꦿꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥ​ꦱꦁ​ꦒꦿꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦂ​ꦏ​ꦠ​ꦮꦁ​꧉ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸ​ꦮꦟ​​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦏ​ꦭꦸ​ꦮꦂ​ꦒ​ꦭꦤ꧀ꦥ​ꦫ​ꦥꦸꦁ​ꦒ​ꦮ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦧꦺꦴ​ꦪꦺꦴꦁ​ꦣ​ꦠꦼꦁ​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂꦡ​ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦱꦸꦂꦪ​ꦏ​ꦥꦶꦁ​ ꧇​꧗꧇ ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦨꦼꦂ​ ꧇​꧑​꧗​꧕​꧖꧇ ꧌ꦏꦼ​ꦩꦶꦱ꧀ꦥ​ꦲꦶꦁ​꧈ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦱꦸ​ꦫ​ ꧇​꧑​꧖​꧘​꧒꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧌꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥ​ꦤꦁ​ꦒ​ꦭꦤ꧀ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀ꦗ​ꦮꦶ​ ꧌ꦠꦺꦗꦺ꧌꧈ꦥꦿꦱ꧀ꦠ​ꦮ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦃ​ꦤ​ꦤꦶ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦱꦼꦁ​ꦏ​ꦭꦤ꧀ꦩꦼ​ꦩꦼꦠ꧀꧇ꦢ꧀ꦮꦶ​ꦤ​ꦒ​ꦫ​ꦱ​ꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦢ꧀ꦮꦶ​ꦤ​ꦒ​ꦫ​ꦱ​ꦮ​ꦤꦶ​꧉

ꦱ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦢ​ꦔꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂꦡ​ꦤꦼ​ꦩꦃꦲꦶ​ꦏ​ꦲ​ꦤꦤ꧀ꦲꦺ​ꦮꦃ​ꦒꦶꦁ​ꦱꦶꦂ​꧉ꦲꦸ​ꦠ​ꦩꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦒ​ꦪꦸꦠ꧀ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦥꦼ​ꦔ​ꦫꦸꦃ​ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦪꦭ꧀ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦭꦤ꧀ꦆꦁ​ꦒꦿꦶꦱ꧀꧉ ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦱꦸꦂꦪ​ ꧇​꧒​꧐꧇ ꦗꦸ​ꦤꦶ​ ꧇​꧑​꧘​꧑​꧒꧇ ꧈ ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦆꦁ​ꦒꦿꦶꦱ꧀ꦏ​ꦱꦶꦭ꧀ ꦚꦼꦂꦧꦸꦭꦤ꧀ꦚ​ꦗꦗꦃ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧈ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸꦮ​ꦤ​ꦟ꧇꧒꧇​ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦱꦼ​ꦢꦾ​ꦭꦺꦁ​ꦱꦺꦂ​ꦏꦼ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴꦤ꧀꧉ ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼ​ꦱꦸ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸꦮ​ꦟ​꧇꧓꧇​꧈ ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦩ​ꦱꦿꦃ​ꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦱ​ꦥꦺ​ꦫꦁꦔꦤ꧀ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦥꦁꦔꦺꦂꦤ꧀ꦟ​ꦡꦑꦸꦯꦸ​ꦩ​꧍ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦲ​ꦩꦼꦁꦑꦸꦨꦸ​ꦮꦤ꧇꧑꧇​꧍ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦆꦁ​ꦒꦿꦶꦱ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦦꦑꦸꦲꦭꦩ꧀꧇꧑꧇​꧉

ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏ​ꦮꦼ​ꦤ​ꦔꦤ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦲ​ꦠꦸꦂ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦦꦑꦸ​ꦲ​ꦭꦩ꧇꧑꧇ꦏ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦱ​ꦥꦺ​ꦫꦁ​ꦔꦤ꧀ꦲ​ꦭꦶꦠ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦏꦶ​ꦛ​ꦏ​ꦥꦿ​ꦗꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱ​ꦥꦺ​ꦫꦁ​ꦔꦤ꧀ꦲ​ꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠ꧀ꦭ​ꦠꦃ​ꦲꦢꦑꦂꦡ​꧌ꦏꦸ​ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿ​ꦒ​ꦱꦶ​ꦱꦶꦃ​ꦏꦶ​ꦢꦸꦭ꧀꧍꧉ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦺꦴ​ꦠꦺꦴ​ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦱ​ꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮ​ꦫꦶꦱ꧀ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦮ​ꦪꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦔꦺꦂꦫꦤ꧀ ꦟ​ꦡꦑꦸꦯꦸ​ꦩ​꧉ ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦮꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧗꧇ ꦩ​ꦉꦡ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧑​꧓꧇ ꧈ ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶꦦꦑꦸ​ꦲ​ꦭꦩ꧇꧑꧇​ꦲꦩ꧀ꦧꦶ​ꦪ​ꦮ​ꦫ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦩ​ꦢꦼ​ꦒꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦼꦤ꧀ ꦦ​ꦑꦸ​ꦲꦭ​ꦩꦤ꧀꧉

ꦥꦁ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧ​ꦏꦤ꧀ꦱ​ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸ​ꦩ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺ​ꦥꦸ​ꦧ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦆꦤ꧀ꦣꦺꦴꦤꦺꦱꦶ​ꦪꦃ​ꦩ​ꦢꦼꦒ꧀꧈ ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦱꦸꦂꦪ꧇​꧑​꧗꧇ ꦄ​ꦓꦸꦯ꧀ꦡꦸꦯ꧀ ꧇​꧑​꧙​꧔​꧕꧇ ꧉ ꦫ​ꦠꦸ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂꦡ꧈ ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧙꧇​ꦤꦸꦭꦾ​ꦔ​ꦠꦸꦂ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧ​ꦒꦾ​ꦲꦂ​ꦗ​ꦒꦼ​ꦒ​ꦪꦸ​ꦠꦤ꧀ꦩ​ꦢꦼ​ꦒꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺ​ꦥꦸ​ꦧ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦣ​ꦠꦼꦁ​ꦥ​ꦫ​ꦥꦿꦺꦴ​ꦏ꧀ꦭ​ꦩ​ꦠꦺꦴꦂ​ꦏ​ꦩꦂ​ꦢꦶ​ꦏꦤ꧀꧉ ꦥ​ꦚꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦪꦸꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦫꦺ​ꦥꦸ​ꦧ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦱ​ꦪ​ꦏ​ꦛꦃ​ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦑꦸꦨꦸꦮ​ꦤ​꧇꧙꧇ꦭꦤ꧀ꦱꦿꦶ​ꦥ​ꦢꦸ​ꦏ​ꦦꦑꦸ​ꦲ​ꦭ​ꦩ꧇꧘꧇ꦩꦼ​ꦢ​ꦭ꧀ꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦲ​ꦩ​ꦤꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦂꦪꦏ​ꦥꦶꦁ​ ꧇​꧕꧇ ꦯꦺꦦ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦨꦼꦂ꧇​꧑​꧙​꧔​꧕꧇ ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦿ​ꦠꦺꦭ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲ​ꦮꦸ​ꦗꦸꦢ꧀ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦧ​ꦒꦼ​ꦪ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ ꦌꦤ꧀ꦏꦌꦂꦆ꧉

ꦲ​ꦤꦩ꧀ꦥꦶ​ꦲ​ꦩ​ꦤꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦥ꧀ꦫꦺ​ꦱꦶ​ꦣꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦥꦶ​ꦱꦤ꧀ꦫꦺꦥꦸ​ꦧ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦆꦤ꧀ꦣꦺꦴ​ꦤꦼ​ꦱꦶ​ꦪꦃ​꧈ꦆꦌꦂꦯꦸꦑꦂꦟ​꧈ꦤꦼ​ꦠꦼ​ꦥ꧀ꦥ​ꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁꦑꦸꦨꦸꦮ​ꦤ​ꦭꦤ꧀ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶꦦꦑꦸ​ꦲ​ꦭꦩ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦢ꧀ꦮꦶ​ꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦚꦼ​ꦥꦼꦁ​ꦏ​ꦮꦼ​ꦤꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦣꦌꦫꦃ​ꦆꦱ꧀ꦠꦶ​ꦩꦺ​ꦮ​ꦪꦺꦴ​ꦓꦾ​ꦑꦂ​ꦡ​꧉ ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤ​ꦠꦺ​ꦫꦁ​ꦔꦸ​ꦫꦁ​ꦔꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦮ​ꦠ​ꦮꦶꦱ꧀ꦮꦂ​ꦱ​꧈ ꦱ꧀ꦠ​ꦠꦸꦱ꧀ꦏꦼ​ꦆꦱ꧀ꦠꦶ​ꦩꦺ​ꦮ​ꦄꦤ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦱꦤ꧀ꦱ​ꦪ​ꦏꦶ​ꦪꦠ꧀ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦃꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦣꦁꦲꦸꦤ꧀ꦣꦁ​ꦤꦺꦴ​ꦩꦺꦴꦂ​ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀ ꧇​꧒​꧐​꧑​꧒꧇ ꦧꦧ꧀ꦏꦼ​ꦆꦱ꧀ꦠꦶ​ꦩꦺ​ꦮ​ꦄꦤ꧀ ꦣꦺꦆꦪꦺ꧉ ꦥꦿ​ꦩꦶ​ꦭ​ꦩꦼ​ꦏ​ꦠꦼꦤ꧀꧈ ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦸ​ꦲꦤ꧀ꦠꦸ​ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱ​ꦢ​ꦪ​ꦮꦸ​ꦗꦸꦢ꧀ꦮ​ꦫꦶ​ꦱꦤ꧀ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦓꦾꦑꦂꦡ​ꦭꦤ꧀ꦏ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦺꦤ꧀ꦦꦑꦸ​​ꦲꦭꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦱ​ꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦚ꧀ꦗ​ꦒꦶ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦊꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸ​ꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀꧉

Cikal bakal kara ton yogyakarta

13 Februari 1755

Wonten ing sujarah sampun kaserat bilih wonten ing pungkasan abad kaping 16 anyebutaken sawijining kraton Islam ing Jawi sisih tengah bagéyan kidul ingkang dipunwastani Mataram. Punjering kraton punika mapan ing wewengkon Kutha Gedhé (sisih Kidul Wétan kutha Ngayogyakarta ing wekdal sapunika). Lajeng pindhah dhateng Kerta, Plèrèd, Kartasura lan Surakarta. Langkung dangunipun kawibawan lan kawenangan Mataram sansaya kisruh awit saking panyaruwénipun kumpeni Walandi. Awit saking punika, wonten gerakan anti penjajah ingkang dipunpandhégani déning Pangéran Mangkubumi. Panjenenganipun dipunbebangus déning Walandi, kadosta Patih Pringgalaya. Kanggé mungkasi padudon punika dipunwontenaken prajanjèn Giyanti utawi Palihan Nagari.

Prajanjèn Giyanti punika ugi dipunlajengaken kaliyan pasamuan antawisipun Sultan Yogyakarta kaliyan Sunan Surakarta ing Lebak, Jatisari surya kaping 15 Pèbruari 1755. Saklebeting pasamuwan punika dipunrembag babagan panataning dhasaring kabudyan ing saben Kraton. Wosing rembag punika ingkang salajengipun dipuwastani kanthi asma Prajanjèn Jatisari. Prajanjèn punika ngrembag babagan bèntenipun ciri saking wewengkon kekalih ingkah sampun dados kraton sanès.

Pirembagan wonten ing prajanjèn punika ngewrat babagan tatacara busana, adat istiadat, basa, gamelan, beksan, lan sapanunggalanipun. Lajeng, wosipun saking prajanjèn Jatisari punika, Sultan Hamengkubuwana I ngersakaken badhé nglajengaken adat lami budaya Mataram. Semanten ugi, Sunan Pakubuwana III sarujuk kanggé andamel pangrembakaning budaya ingkan bènten antawisipun Yogyakarta lan Surakarta.

Surya kaping 13 Maret 1755 (Kemis Pon, Jumadilawal, 1680) inggih punika surya ingkang gadhahi sujarah kanggé Kasultanan Yogyakarta. Ing surya punika pawarta hadeging nagari Ngayogyakarta Hadiningrat dipunbiyawarakaken. Salajengipun, Sultan Hamengkubuwana I amiwiti pambagunaning Kraton Yogyakarta ing surya kaping 9 Oktober 1755.

Anggènipun bangun kalampahan ngantos dungkap setunggal tahun. Salaminipun pambangunan punika, Sri Sultan Hamengku Buwana I sarta kaluwarga masanggrah wonten ing pasangrahan Ambar Katawang. Sri Sultan Hamengku Buwana kaliyan kaluwarga lan para punggawanipun kaboyong dhateng Kraton Yogyakarta rikala surya kaping 7 Oktober 1756 (Kemis Pahing, 13 Sura 1682 TJ). Wonten ing pananggalan tahun Jawi (TJ), prastawa punika dipuncihnani kanthi sengkalan memet: Dwi Naga Rasa Tunggal lan Dwi Naga Rasa Wani.

Salangkung dangunipun wewengkon Kasultanan Yogyakarta nemahi kahanan éwah gingsir. Utaminipun gayut kaliyan pengaruh kolonial Walandi lan Inggris. Rikala surya 20 Juni 1812, nalika Inggris kasil nyerbu lan njajah kraton, Sultan Hamengku Buwana II kedah sedya lèngsèr keprabon. Ingkang dados sesulihipun Sri Sultan Hamengku Buwana II, kedah masrahaken sapérangan wewengkonipun supados dipunaturaken dhumateng Pangéran Natakusuma (putra Hamengku Buwana I) ingkang kajumeegaken déning Inggris minangka Adipati Paku Alam I.

Wewengkon kawenangan Kasultanan ingkang kaaturaken dhumateng Paku Alam I kalebet sapérangan alit wonten ing lebet kitha kaprajan lan sapérangan ageng ing tlatah Hadikarto (Kulonpraga sisih kidul). Wewengkon punika otonom lan saged dipunwarisaken dhumateng putra-wayahipun Pangéran Natakusuma. Awit saking punika wiwit saking 17 Maret 1813, Adipati Paku Alam I ambiyawarakaken madegipun Kadipatèn Pakualam.

Pangrembakan salajengipun dumados sasampunipun Républik Indonsia madeg, rikala surya 17 Agustus 1945. Ratu Yogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwana IX nulya ngaturaken pambagyaharja gegayutan madegipun républik énggal punika dhateng para proklamator kamardikan. Panyengkuyung kanggé républik sansaya kathah rikala Sri Sultan Hamengku Buwana IX lan Sri Paduka Paku Alam VIII medalaken amanat ing surya kaping 5 Sèptèmber 1945 ingkang mratélakaken bilih wewengkon ingkang awujud kraton punika ugi bagéyanipun NKRI.

Anampi amanat punika, Presidhèn ingkang kapisan Républik Indonésia, Ir Soekarno netepaken bilih Sultan Hamengku Buwana lan Adipati Paku Alam minangka dwi tunggal ingkang nyepeng kawenangan ing Daérah Istiméwa Yogyakarta. Sampun naté rangu-rangu ing sawatawis warsa, status keistiméwaan punika sansaya kiyat sasampunipun dipunsahken Undang-undang nomor 13 tahun 2012 bab Keistiméwaan DIY. Pramila mekaten, dipunantu-antu supados sadaya wujud warisan budaya ing Kasultanan Yogyakarta lan Kadipatèn Pakualam tansah saged dipunjagi lan dipunlestantunaken.

Cikal bakal kara ton yogyakarta

13 Februari 1755

wontěn hiŋ sujaraḥ sampun kasěrat biliḥ wontěn hiŋ puŋkassan habad kapiŋ 16 hañěbuttakěn sawijiniŋ kŕaton islam hiŋ jawi sisiḥ těŋṅaḥ bageyan kidul hiŋkaŋ dipunwastani mataram. puñjěṙriŋ kŕaton punika mapan hiŋ wěwěŋkon kuṭa gěḍe (sisiḥ kidul wetan kuṭa ṅayogyakaṙta hiŋ wěkdal sapunika). lajěŋ pinḍaḥ ḍatěŋ kěṙta, pḷered, kaṙtasura lan surakaṙta. laŋkuŋ daṅunipun, kawibawan lan kawěnaŋṅan mataram saŋsaya kisŕuḥ hawit sakiŋ pañaruwenipun kumpěni walandi. hawit sakiŋ punika, wontěn gěrakan hanti pěñjajaḥ hiŋkaŋ dipunpanḍegani deniŋ paṅeran maŋkubumi. pañjěněṅannipun minaŋka paṅaṙsaniŋ pasulayan ḍatěŋ kumpěni saha tokoḥ-tokoḥ pŕibumi hiŋkaŋ sagět dipunběbaṅus deniŋ walandi, kadosta patiḥ pŕiŋgalaya. kaŋge muŋkassi padudon punika dipunwontěnnakěn pŕajañjen giyanti hutawi palihan nagari.

pŕajañjen giyanti hiŋkaŋ dipuntekěnni rikala suṙya kapiŋ 13 pebŕuhari 1755 (kěmis kliwon, 12 rabiṅulhakiṙ 1680 waṙsa jawi) mŕatelakhakěn biliḥ kŕaton mataram dipunpaliḥ dados kaliḥ hiŋgiḥ punika kasunannan surakaṙta hadiniŋṅŕat lan kasultannan ṅayogyakaṙta hadiniŋṅŕat. surakaṙta dipunpaṅaṙsani deniŋ susuhunan pakubuwana III lan ṅayogyakaṙta hutawi limŕaḥ dipunsěbat yogyakaṙta dipunpaṅaṙsani deniŋ paṅeran maŋkubumi kanṭi hasma dalěm sultan haměŋkubuwana I.

pŕajañjen giyanti punika hugi dipunlajěŋṅakěn kaliyan pasamuwan hantawissipun sultan yogyakaṙta kaliyan sunan surakaṙta hiŋ lěbak, jatisari suṙya kapiŋ 15 pebŕuhari 1755. saklěběttiŋ pasamuwan punika dipunṛěmbag babagan panataniŋ ḍasaṙriŋ kabudayan hiŋ saběn kŕaton. wossiŋ rěmbag punika hiŋkaŋ salajěŋṅipun dipunwastani kanṭi hasma pŕajañjen jatisari. pŕajañjen punika ṅṛěmbag babagan bentěnnipun ciri sakiŋ wěwěŋkon kěkaliḥ hiŋkaŋ sampun dados kŕaton sanes.

pirěmbagan wontěn hiŋ pŕajañjen punika ṅěwŕat babagan tatacara busana, hadat histiyadat, basa, gamělan, běksan, lan sapanuŋgallipun. lajěŋ, wossipun sakiŋ pŕajañjen jatisari punika, sultan haměŋkubuwana I ṅěṙsakkakěn baḍe haŋlajěŋṅakěn hadat lami budaya mataram. sěmantěn hugi, sunan pakubuwana III sarujuk kaŋge handaměl moḍifikasi hutawi muṙsita wujud budaya heŋgal. pasamuwan jatisari dados hatěŕ-hatěŕriŋ paŋṅṛěmbakanniŋ budaya hiŋkaŋ bentěn hantawissipun yogyakaṙta lan surakaṙta.

suṙya kapiŋ 13 marět 1755 (kěmis pon, jumadilhawal, 1680) hiŋgiḥ punika suṙya hiŋkaŋ gaḍaḥhi sujaraḥ kaŋge kasultannan yogyakaṙta. hiŋ suṙya punika pawaṙta haděggiŋ nagari ṅayogyakaṙta hadiniŋṅṛat dipunbiyawarakhakěn: salajěŋṅipun, sultan haměŋkubuwana I hamiwiti pambaṅunnanniŋ kŕaton yogyakaṙta hiŋ suṙya kapiŋ 9 Oktoběŕ 1755.

haŋgennipun baṅun kalampahan ṅantos duŋkap setuŋgal tahun. salaminipun pambaṅunnan punika, sŕi sultan haměŋku buwana I saṙta kaluwaṙga masaŋgraḥ wontěn hiŋ pasaŋgraḥhan hambaṙ katawaŋ. sŕi sultan haměŋku buwana kaliyan kaluwaṙga lan para puŋgawanipun kaboyoŋ ḍatěng kŕaton yogỿakaṙta rikala suṙya kapiŋ 7 oktoběṙ 1756 (kěmis pahiŋ, 13 sura 1682 tj). wontěn hiŋ panaŋgalan tahun jawi (tj), pŕastawa punika dipunciḥnani kanṭi seŋkalan měmět: dwi naga rasa tuŋgal lan dwi naga rasa wani.

salaŋkuŋ daṅunipun, wěwěŋkon kasultanan yogỿakaṙta němaḥhi kahanan ewaḥ giŋsiṙ. hutaminipun gayut kaliyan pěṅaruḥ koloniyal walandi lan iŋgṛis. rikala suṙya 20 juni 1812, nalika iŋgṛis kasil ñeṙbu lan ñjajaḥ kŕaton, sultan haměŋku buwana II kědaḥ sědỿa leŋseṙ kěpṛabon. hiŋkaŋ dados sěsuliḥhipun, sŕi sultan haměŋku buwana III, kědaḥ masṛaḥhakěn saperaŋan wěwěŋkonnipun supados dipunatuṙrakěn ḍumatěŋ paŋṅeṙran natakusuma (putṛa haměŋku buwana I) hiŋkaŋ kajuměněŋṅakěn deniŋ iŋgŕis minaŋka adipati paku halam I.

wěwěŋkon kawěnaṅan kasultanan hiŋkaŋ kaatuṙrakěn ḍumatěŋ paku halam I kaḷěbět saperaŋan halit wontěn hiŋ ḷěbět kiṭa kapŕajan lan saperaŋan hagěŋ hiŋ tlataḥ hadikaṙto (kulonpṙaga sisiḥ kidul). wěwěŋkon punika hotonom lan sagěd dipunwarissaken ḍumatěŋ putŕa-wayaḥipun paŋṅeṙran natakusuma. hawit sakiŋ punika, wiwit sakiŋ 17 maret 1813, adipati paku halam I hambiyawarakakěn maděgipun kadipaten pakualaman.

paŋṅŕěmbakan salajěŋipun dumados sasampunipun republik indonesiaḥ maděg, rikala suṙya 17 agustus 1945. ratu yogỿakaṙta, sŕi sultan haměŋku buwana IX nulỿa ngatuṙrakěn pambagỿahaṙja gěgayutan maděgipun republik heŋgal punika ḍateng para pŕoklamatoṙ kamaṙdikan. pañěŋkuyuŋ kaŋge republik sansaya kaṭah rikala sŕi sultan haměŋku buwana IX lan sŕi paduka paku alam VIII mědalakěn amanat iŋ suŕya kapiŋ 5 septembeṙ 1945 hiŋkaŋ mŕatelakakěn biliḥ wěweŋkonipun hiŋkaŋ hawujud kŕaton punika hugi bageyanipun nkŕi.

hanampi hamanat punika, presiden hiŋkaŋ kapisan republik indonesiaḥ, iṙ. sukaŕno, nětěpakěn biliḥ sultan haměŋku buwana lan adipati paku halam minaŋka dwi tuŋgal iŋkaŋ ñěpěŋ kawěnaŋan iŋ daeraḥ istimewa yogỿakaṙta. sampun nate raŋu-raŋu hiŋ sawatawis waṙsa, status kěistimewaan punika sansaya kiyat sasampunipun dipunsaḥhakěn undang-undang nomoṙ 13 tahun 2012 bab kěistimewaan diy. pṛamila měkatěn, dipunantu-antu supados sadaya wujud warisan budaya hiŋ kasultanan yogỿakaŕta lan kadipaten psakualaman tansaḥ sagěd dipunjagi lan dipunlěstantunnakěn.