ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​

1810 - 1814

ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦏ​ꦒꦸ​ꦔꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦠꦶ​ꦩꦸꦂ​ꦫ​ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦯꦸꦫ​ꦗ​꧉ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦶ​ꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀ ꧇​꧒​꧐꧇ ꦥ꦳ꦼ​ꦧꦿꦸ​ꦮ​ꦫꦶ​ ꧇​꧑​꧗​꧖​꧙꧇ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦑꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦫ​ꦠꦸ​ꦑꦼ​ꦣ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶ​ꦲꦺꦴ​ꦒꦿ​ꦥ꦳ꦶ​ꦠꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼ​ꦧ​ꦠ​ꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶ​ꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱ​ꦲ​ꦉ​ꦩꦼꦤ꧀ꦔ​ꦭꦃ​꧉

ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ ꧇​꧔​꧑꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀​꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦱꦶ​ꦢꦺ​ꦱꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ ꧇​꧑​꧘​꧑​꧐꧇꧈ ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦧꦽ​ꦒ​ꦢ​ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ​ꦣ​ꦠꦼꦁ​ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​꧉ ꦥꦿꦱ꧀ꦠ​ꦮ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦲ​ꦱꦶ​ꦭꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦢꦸ​ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦭꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦓꦸꦧꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦼ​ꦫꦭ꧀ꦮꦶ​ꦭ꧀ꦊꦩ꧀ꦢ​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭꦼꦱ꧀꧉ ꦠꦼ​ꦩ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦭꦺꦁ​ꦱꦺꦂꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦪꦭ꧀ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧉

ꦲꦶꦁ​ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦱ​ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ꦫ꧈ꦩ꧉ꦯꦸ​ꦫ​ꦗ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦥꦁ​ꦏꦠ꧀ꦉ​ꦒꦼꦤ꧀ꦲꦸ​ꦠ​ꦮꦶ​ꦮ​ꦏꦶꦭ꧀ꦫ​ꦗ​꧉ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺ​ꦤꦺ​꧈ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦠꦼ​ꦠꦼꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼ​ꦧꦠ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦼ​ꦥꦸꦃ​꧉

ꦢꦸꦁ​ꦏꦥ꧀ꦱꦼ​ꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦮꦂ​ꦱꦶ​ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ ꧇​꧒​꧘꧇ ꦢꦺꦱꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ ꧇​꧑​꧘​꧑​꧑꧇꧈ ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦠꦼꦤ꧀ꦠ​ꦫ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦿꦶꦱ꧀ꦏ​ꦱꦶꦭ꧀ꦔ​ꦱꦺꦴ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠ​ꦫ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦱ​ꦲ​ꦔꦽ​ꦧꦠ꧀ꦧꦸ​ꦩꦶ​ꦗ​ꦮ​꧈ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦭꦺꦁ​ꦱꦺ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼ​ꦩꦃ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩ​ꦭꦶꦃ​꧉ꦱ​ꦭ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦩꦶꦁ​ꦒꦃ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫ​ꦠꦸ​ꦩ​ꦭꦶꦃ​꧉

ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥꦼ​ꦤꦼ​ꦔꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦆꦶꦒꦿꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦟ​ꦠ​ꦏꦸ​ꦱꦸ​ꦩ​꧈ꦫ​ꦪꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦤ​ꦔꦶꦁ​ꦧꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶ​ꦧꦸ​꧉ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦭ​ꦗꦼꦁꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦟ​ꦠ​ꦏꦸ​ꦱꦸ​ꦩ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦶ​ꦠꦿ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦓꦸ​ꦧꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦼ​ꦫꦭ꧀ꦆꦶ​ꦒꦿꦶꦱ꧀ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦏ​ꦮ​ꦱꦶ​ꦱ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦧ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿ​ꦱ​ꦲ​ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦗ​ꦮ​꧉

ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦏ​ꦮꦶ​ꦠꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ꦭꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦓꦸ​ꦧꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦼ​ꦫꦭ꧀ꦆꦒꦿꦶꦱ꧀ꦔ​ꦏꦺ​ꦤꦶ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥ​ꦔꦸ​ꦮ​ꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦱ​ꦲ​ꦔꦁ​ꦏꦠ꧀꧉ꦫ꧈ꦩ꧉ꦱꦸ​ꦫ​ꦗ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦄꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦄ​ꦤꦼꦩ꧀꧉ꦤ​ꦔꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦤ​ꦩꦸꦁ​ꦭꦸ​ꦩꦩ꧀ꦥꦃ​ꦏꦶ​ꦫꦁ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦱꦼ​ꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦮꦂ​ꦱ​ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦮ​ꦠꦼ​ꦏꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸ​ꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼ​ꦫꦱ꧀ꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴ​ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦫꦥ꦳꧀ꦥ꦳꧀ꦊꦱ꧀ꦩꦸ​ꦫꦸ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥ​ꦚꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦪꦸꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦲꦶꦁ​ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀ ꧇​꧒​꧑꧇ ꦗꦸ​ꦤꦶ​ ꧇​꧑​꧘​꧑​꧒꧇꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧒꧇ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦭꦺꦁ​ꦱꦺ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦲ​ꦤꦺꦩ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸ​ꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦥꦶꦁ​ꦏ​ꦭꦶꦃꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀

ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦲ​ꦤꦺꦩ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​꧈ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦩ꧀ꦧ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦒꦂꦮ​ꦲꦩ꧀ꦥꦼ​ꦪꦤ꧀꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶꦂꦪ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫꦶ​ꦔꦶ​ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦧꦼꦤ꧀ꦢ​ꦫ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦤꦼ​ꦒ​ꦫ​꧉ꦲ​ꦤꦁꦔꦶꦁ​꧈ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥ​ꦤꦼ​ꦒ​ꦫ​ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦂ​ꦱ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱ​ꦲ​ꦩꦶ​ꦭꦶꦃ​ꦒꦼ​ꦱꦁ​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦲꦺ​ꦪꦁ​ꦥꦸ​ꦠꦿꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦼ​ꦒ​ꦭꦽ​ꦗꦺꦴ​꧌ꦱꦶ​ꦱꦶꦃ​ꦭꦺꦂ​ꦏꦶ​ꦭꦺꦤ꧀ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​꧍ꦏꦁ​ꦒꦼ​ꦚꦶ​ꦤꦲꦸ​ꦧꦧ꧀ꦲ​ꦒ​ꦩ​꧉ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼꦁꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦩꦶ​ꦱ​ꦩꦶ​ꦏ​ꦒꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦮ​ꦠꦼꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼ​ꦫꦱ꧀ꦱ​ꦲ​ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦂ​ꦱ​ꦠꦼ​ꦭꦸꦏ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗ​ꦗꦃ​ꦱ​ꦩꦶ​ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺ​ꦪ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧒꧇​꧉ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥ​ꦤꦼ​ꦒ​ꦫ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁ​ꦏꦺ​ꦩꦼꦁ​ꦱꦃ​ꦭ​ꦮꦤ꧀ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦕ​ꦛꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸ​ꦗ​ꦫꦃ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥꦼ​ꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥ​ꦭꦶꦁ​ꦤꦼ​ꦭ​ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ​ꦒ​ꦱ​ꦲ​ꦥꦿ​ꦧꦼ​ꦪ​꧉

ꦮꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦝ​ꦠꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀꧈ꦏ​ꦲ​ꦤ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦴ​ꦮꦃ​꧉ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦏ​ꦩꦂ​ꦢꦶ​ꦏꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦏꦼ​ꦢꦸ​꧈ꦱꦼ​ꦥ​ꦭꦶꦃ​ꦥ​ꦕꦶ​ꦠꦤ꧀꧈ꦗ​ꦥꦤ꧀꧈ꦗꦶ​ꦥꦁ​꧈ꦱ​ꦲ​ꦒꦿꦺꦴ​ꦧꦺꦴ​ꦒꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦭ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦗ​ꦗ​ꦲꦤ꧀ꦆꦁ​ꦒꦿꦶꦱ꧀꧉ꦏ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦧ​ꦪꦂ​ꦏ​ꦥꦶ​ꦠꦸ​ꦤ​ꦤꦶꦁ​ꦥꦼ​ꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲ​ꦒꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ ꧇​꧑​꧐​꧐꧉​꧐​꧐​꧐꧇ ꦫꦺ​ꦪꦭ꧀ꦱ​ꦧꦼꦤ꧀ꦮꦂ​ꦱ​꧉ꦲꦶꦁ​ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​꧈ ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦩ​ꦱꦿꦃꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ ꧇​꧔​꧐​꧐​꧐꧇ꦕ​ꦕꦃ​ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲ​ꦢꦶ​ꦏꦂ​ꦠ​꧌ꦏꦸ​ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦺꦴ​ꦒꦺꦴ​꧍ꦣꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦤ​ꦠ​ꦏꦸ​ꦱꦸ​ꦩ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦂ​ꦢꦶ​ꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦿꦺꦴ​ꦤꦶꦁ​ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦱꦼ​ꦱꦼ​ꦧ​ꦠꦤ꧀ꦑꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦲꦂꦪ​ꦥꦦꦏꦸ​ꦄ​ꦭꦩ꧀꧇꧑꧇꧌꧇​꧑​꧘​꧑​꧓꧇ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧇​꧑​꧘​꧒​꧙꧇꧍꧉ꦏ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦩ​ꦱꦿꦃꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ ꧇​꧑​꧐​꧐​꧐꧇ ꦕ​ꦕꦃ​ꦩ​ꦭꦶꦃ​ꦮꦼ​ꦮꦼꦁ​ꦏꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦏ​ꦥꦶ​ꦠꦺꦤ꧀ꦕꦶ​ꦤ​ꦠꦤ꧀ꦗꦶꦁ​ꦱꦶꦁ​ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦶ​ꦪꦤ꧀ꦠꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫꦶꦁꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀꧉ ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦔꦁ​ꦏꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦱ​ꦲ​ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦏꦠ꧀ꦱ​ꦲ​ꦱꦼ​ꦱꦼ​ꦧ​ꦠꦤ꧀꧉ ꦏ꧈ꦫ꧈ꦠ꧉ ꦱꦼ​ꦕ​ꦢꦶ​ꦤꦶ​ꦔꦿꦠ꧀꧉

ꦲꦺꦮꦃ​ꦲꦺ​ꦮ​ꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶ​ꦒ​ꦠꦶ​ꦱ​ꦤꦺ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦸ​ꦩ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦼ​ꦥ​ꦉ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥ​ꦫ​ꦫ​ꦗ​ꦏ​ꦒꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦥꦸ​ꦤ​ꦥ​ꦏꦼ​ꦩ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼ​ꦥ​ꦉ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦥ​ꦩꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦪꦭ꧀꧉ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦱꦼ​ꦱꦸ​ꦭꦶ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼ​ꦥꦺꦴꦪ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦸ​ꦠ​ꦩꦶ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ꦠꦼ​ꦩ​ꦲ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ ꧇​꧙​꧐​꧐​꧐꧇ ꦥꦿ​ꦗꦸ​ꦫꦶꦠ꧀ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦧꦸ​ꦒꦶꦱ꧀ꦱ​ꦲ​ꦧ​ꦭꦶ​ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦒꦼ​ꦱ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦁ​ꦱ​ꦫ​꧉ ꦏ​ꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦭ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​ꦲ​ꦪ​ꦲ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦥ​ꦏꦼ​ꦧꦺꦴ​ꦤꦤ꧀ꦥ​ꦏꦼ​ꦧꦺꦴ​ꦤꦤ꧀ꦏ​ꦒꦸ​ꦔꦤ꧀ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦪꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦗ​ꦮ​꧉

ꦲꦶꦁ​ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀꧇​꧓꧇ꦤꦺꦴ​ꦥ꦳ꦼꦩ꧀ꦧꦼꦂ​꧇​꧑​꧘​꧑​꧔꧇꧌꧇​꧑​꧙꧇ꦢꦸꦭ꧀ꦏꦔꦶ​ꦢꦃ​꧇​꧑​꧗​꧔​꧑꧇꧍ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​꧇​꧔​꧕꧇ꦮꦂ​ꦱ​꧉ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦫꦺꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦠ​ꦤ​ꦏ​ꦱ꧀ꦮꦂ​ꦒꦤ꧀꧈ꦥ​ꦗꦶ​ꦩ​ꦠꦤ꧀꧈ꦲꦶ​ꦩꦺꦴ​ꦒꦶ​ꦫꦶ​꧉ꦲꦁ​ꦒꦺꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫ​ꦠꦸ​ꦢ​ꦔꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼ​ꦠ​ꦫ​꧇​꧘​꧖​꧕꧇ ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦲꦶꦧ꧀ꦤꦸ​ꦗ​ꦫꦺꦴꦠ꧀꧈ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦩ꧀ꦧ​ꦗꦼꦁ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦱ​ꦏꦶꦁ​꧉ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧉ꦏꦼꦚ꧀ꦕ​ꦤ​꧌ꦫ​ꦠꦸ​ꦲꦶ​ꦧꦸ​꧈ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧇​꧑​꧘​꧑​꧖꧇ꦫ​ꦠꦸ​ꦲ​ꦒꦼꦁ​꧈ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧇​꧑​꧘​꧒​꧐꧇꧍꧈ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧ​ꦏꦭ꧀ꦫ​ꦠꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔ꧀ꦭ​ꦗꦼ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦫ​ꦩ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦿꦶ​ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧔꧇ꦲꦶꦁ​ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​ ꧇​꧑​꧐꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉

 

ꦠꦶ​ꦭ​ꦫꦤ꧀ꦯꦿꦶ​ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​

ꦏꦩ꧀ꦥꦸꦁ​ꦏꦼ​ꦠꦤ꧀ꦢꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦼ​ꦭ​ꦏꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦩ​ꦭꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦧꦫ꧈ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦫ​ꦩꦺ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦚ꧀ꦗꦼ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦁꦒꦺ​ꦤꦤ꧀ꦢ​ꦒꦁ​ꦱꦂ​ꦠ​ꦧꦸ​ꦢ​ꦪ​ꦠꦶ​ꦪꦺꦴꦁ​ꦲꦺꦴ​ꦄ​ꦲꦶꦁ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦧ​ꦔꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦗ​ꦩꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​꧉ꦮꦶ​ꦮꦶ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦩ꧀ꦥꦸꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥ​ꦥ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫ​ꦗꦸ​ꦫꦸ​ꦥ​ꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦛ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶ​ꦪ​ꦪꦶ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦕꦶ​ꦤ​꧉ ꦲꦶꦁ​ꦩꦿꦶ​ꦏꦶ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦩ​ꦮꦶ​ꦭꦺꦴ​ꦠꦺꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦲ​ꦒꦼꦩ꧀ꦏꦁꦒꦼ​ꦥ​ꦤ​ꦱꦶ​ꦲꦠ꧀ꦥꦿꦶ​ꦧ​ꦢꦶ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦠꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁ​꧈ ꦏ​ꦥꦶ​ꦠꦤ꧀ꦕꦶ​ꦤ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦏꦼ​ꦢꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮ​ꦱꦶꦱ꧀ꦩ​ꦤꦼ​ꦏ​ꦮꦼꦂ​ꦤ​ꦧ​ꦱ​꧉

ꦏ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧓꧇​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦫ​ꦠ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦆ​ꦒꦿꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦕꦿꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦠ​ꦲꦤ꧀ꦩꦶ​ꦩꦶꦱ꧀꧉ ꦫ​ꦠ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠ​ꦤꦶ​ꦏꦾꦻ​ꦩꦤ꧀ꦢꦿ​ꦗꦸ​ꦮ​ꦭ​꧉ꦱ​ꦤ​ꦢꦾꦤ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦢ​ꦔꦸ​꧈ꦲꦶꦁ​ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦥ​ꦩꦫꦺꦤ꧀ꦠ​ꦲꦤ꧀ꦯꦿꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦏ​ꦮꦸ​ꦭ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦫꦸ​ꦩ​ꦲꦺꦴꦱ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲ​ꦪꦼꦩ꧀ꦱ​ꦲ​ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀꧉

Sri Sultan Hamengku Buwana III

1810 - 1814

Sri Sultan Hamengku Buwana III kagungan asma timur Raden Mas Suraja ingkang miyos tanggal 20 Februari 1769. Panjenenganipun inggih punika putra Hamengku Buwana II kaliyan Gusti Kanjeng Ratu Kedhaton. Wonten biografi  Tan Jin Sing dipunsebataken bilih panjenenganipun kalebet tiyang  ingkang mèndel saha remen ngalah.

Nalika yuswanipun ngancik 41 warsa, inggih ing sasi Dèsèmber 1810, Walandi ngintun bregada prajurit kanggé nempuh dhateng Karaton Ngayogyakarta. Prastawa punika minangka asilipun padudon antawisipun Sri Sultan Hamengku Buwana II kaliyan Létnan Gubernur Jènderal Willem Daendels. Temahipun , Sri Sultan Hamengku Buwana II dipunlèngsèraken keprabon déning pamaréntah kolonial Walandi.

Ing wekdal punika salajengipun R.M. Suraja dipunwisudha dados Hamengku Buwana III kanthi pangkat regent utawi wakil raja. Wondéné, Sri Sultan Hamengku Buwana II tetep wonten ing karaton kanthi dipunsebat minangka Sultan Sepuh.

Dungkap setunggal warsi sasampunipun, inggih ing 28 Dèsèmber 1811, nalika tentara Inggris kasil ngasoraken tentara Walandi saha ngrebat bumi Jawa, panjenenganipun dipunlèngsèraken keprabonipun temah dados pangéran malih. Salajengipun Sri Sultan Hamengku Buwana II minggah dados ratu malih.

Ingkang minangka  penengah ing antawisipun Sri Sultan Hamengku Buwana II kaliyan Inggris inggih punika Pangeran Natakusuma, rayinipun Sri Sultan Hamengku Buwana II nanging bénten Ibu. Ing salajengipun, Pangéran Natakusuma dados mitranipun Létnan Gubernur Jènderal Inggris awit kawasisanipun ing bab sastra saha budaya Jawa. 

Ing sakawitipun, Létnan Gubernur Jènderal Inggris ngakéni Sri Sultan Hamengku Buwana II minangka panguwaos Kasultanan Ngayogyakarta saha ngangkat R.M. Suraja dados Adipati Aněm. Nanging punika namung lumampah kirang saking setunggal warsa awit watekipun Sri Sultan Hamengku Buwana II ingkang keras ndadosaken Raffles murungaken panyengkuyungipun. Ing tanggal 21 Juni 1812, Sri Sultan Hamengku Buwana II dipunlèngsèraken déné Adipati Aném dipunwisudha dados Sri Sultan Hamengku Buwana III ing kaping kalihipun.

Nalika Adipati Aném dipunwisudha dados Hamengku Buwana III, putra mbajengipun saking garwa ampéyan, R.M. Antawirya dipunparingi asma Bendara Pangéran Arya Dipanegara. Ananging, Pangeran Dipanegara boten kersa ing kraton saha milih gesang kaliyan éyang putrinipun ing Tegalrejo (sisih lèr kilèn Karaton Ngayogyakarta) kanggé nyinau bab agama. Panjenenganipun sami-sami kagungan watek ingkang keras saha boten kersa teluk dhateng panjajah sami kados éyangipun, Sri Sultan Hamengku Buwana II. Pangéran Dipanegara ing mangké mengsah lawan pamaréntah Walandi kang kacathet ing sujarah minangka perang ingkang paling nelasaken tenaga saha prabéya.

Wiwit dhatengipun Inggris, kahananipun pamaréntahan Kasultanan Ngayogyakarta dados owah. Yogyakarta kedah paring kamardikan dhateng Kedu, sepalih Pacitan, Japan, Jipang, saha Grobogan ingkang salajengipun kalebet jajahan Inggris. Kajawi punika, ugi kedah bayar kapitunaning perang ingkang agengipun 100.000 réal saben warsa. Ing wekdal punika ugi, Sultan kedah masrahaken 4000 cacah wewengkon Adikarta (Kulonprogo) dhumateng Pangéran Natakusuma ingkang ing tembé dados Pangéran Mardika ing jroning Kasultanan Ngayogyakarta kanthi sesebatan Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam I (1813 dumugi 1829). Kajawi saking punika, Sultan ugi kedah masrahaken 1000 cacah malih wewengkonipun dhumateng Kapitén Cina Tan Jing Sing awit pambiyantunipun ingkang dipunparingaken nalika Sri Sultan Hamengku Buwana III taksih dados pangeran. Ing tembé, Sri Sultan Hamengku Buwana III ngangkat Tan Jin Sing dados Bupati Yogyakarta saha paring pangkat saha sesebatan K.R.T Secadiningrat.

Éwah-éwahan ingkang wigati sanésipun ingkang dumados inggih punika ing babagan prajurit karaton. Inggris boten ngeparengaken para raja kagungan prajurit punapa kémawon sajawinipun ingkang dipunkeparengaken déning pamaréntah kolonial. Minangka sesulihipun, prajurit Inggris lan Sepoy dados prajurit ingkang utami wonten ing karaton. Temahanipun, langkung saking 9000 prajurit karaton kalebet saking Bugis saha Bali lajeng gesangipun sengsara. Kathah ingkang salajengipun dipunpindhah ayahanipun dhateng pakebonan-pakebonan kagungan kolonial ing sajawining Jawa.

Ing tanggal 3 Novémber 1814 (19 Dulkangidah 1741), Sri Sultan Hamengku Buwana III surud kanthi yuswa 45 warsa. Panjenenganipun dipunsarèkaken wonten ing Astana Kaswargan, Pajimatan, Imogiri. Anggènipun dados ratu dangunipun wetara 865 dinten. G.R.M. Ibnu Jarot, putra mbajeng Sri Sultan Hamengku Buwana III saking G.K.R Kencana (Ratu Ibu, sasampunipun 1816; Ratu Hageng, sasampunipun 1820), ingkang sampun dipunwisudha dados bakal ratu ingkang nglajengaken ramanipun dados Sri Sultan Hamengku Buwana IV ing yuswa 10 taun.

Tilaran Sri Sultan Hamengku Buwana III

Kampung Ketandan, ingkang wonten celakipun margi Malioboro, ingkang sapunika ramé dados punjering panggénan dagang sarta budaya Tionghoa ing Yogyakarta dipunbangun ing jaman Sri Sultan Hamengku Buwana III. Wiwitanipun, kampung punika minangka papanipun para juru paos ingkang kathahipun piyayi saking Cina. Ing mriki wonten wangunan mawi lotèng ingkang kaagem kanggé panasihat pribadi Sultan, inggih menika Tan Jin Sing, kapitan Cina saking Kedu ingkang wasis manéka werna basa.

Kajawi saking punika, Sri Sultan Hamengku Buwana III ugi ndhatengaken rata saking Inggris ingkang criyosipun tahan mimis. Rata punika dipunwastani Kyai Mandra Juwala. Sanadyan boten dangu, ing wekdal pamaréntahan Sri Sultan Hamengku Buwana punika kawula Yogyakarta rumaos langkung ayem saha tentrem. (tcs)

sŕi sultan haměŋku buwana III

1810 - 1814

sŕi sultan haměŋku buwana III kaguŋṅan hasma timuṙ raden mas suraja.hiŋkaŋ miyos taŋgal 20 februari 1769 pañjěněŋṅannipun hiŋgiḥ punika putŕa haměŋku buwana II kaliyan gusti kañjěŋ ratu kěḍaton. wontěn biografi  tan jin siŋ dipunsěbatakěn biliḥ pañjěněŋṅannipun kalěbět tiyaŋ  hiŋkaŋ menděl saha rěměn ṅalaḥ.

nalika yuswanipun ṅancik 41 waṙsa, hiŋgiḥ iŋ sasi desemběr 1810, walandi ṅintun brěgada pŕajurit kaŋge němpuḥ ḍatěŋ karaton ṅayogỿakaṙta. pŕastawa punika minaŋka asilipun padudon antawissipun sŕi sultan haměŋku buwana II kaliyan letnan guběṙnuṙ jenděral willěm daenděls. ṭemaḥhipun, sŕi sultan haměŋku buwana II dipunleŋserakěn keprabon deniŋ pamarentaḥ koloniyal walandi.

iŋ wěkdal punika salajěŋṅipun R.M. suraja dipunwisuḍa dados haměŋku buwana III kanṭi paŋkat regent hutawi wakil raja. wondene, sŕi sultan haměŋku buwana II tětěp wontěn iŋ karaton kanṭi dipunsěbat minaŋka sultan sěpuḥ.

duŋkap sětuŋgal waṙsi sasampunnipun, hiŋgiḥ iŋ 28 desemběṙ 1811, nalika těntara Iŋgŕis kasil ṅasorakěn těntara walandi saha ṅŕěbat bumi jawa, pañjěněŋṅannipun dipunlengserakěn kěprabonipun těmah dados paṅeran maliḥ. salajěŋṅipun sŕi sultan haměŋku buwana II miŋgaḥ dados ratu maliḥ.

ḥiŋkaŋ minaŋka  peněṅaḥ iŋ antawisipun sŕi sultan haměŋku buwana II kaliyan iŋgŕis hiŋgiḥ punika paṅeran natakusuma, rayinipun sŕi sultan haměŋku buwana II naṅiŋ benten ibu. Iŋ salajěŋṅipun paṅeran natakusuma dados mitŕanipun letnan guběrnur jenděral iŋgŕis hawit kawasissanipun iŋ bab sastŕa saha budaya jawa. 

iŋ sakawitipun, letnan guběṙnuṙ jenděral iŋgŕis ṅakeni sŕi sultan haměŋku buwana II minaṅka paṅuwaos kasultanan ṅayogỿakaṙta saha ṅangkat R.M. suraja dados adipati aném. naṅiŋ punika namuŋ lumampaḥ kiraŋ sakiŋ sětuŋgal waṙsa hawit watěkipun sŕi sultan haměŋku buwana II hiŋkaŋ keras ndadosakěn raffles murungakěn pañyeŋkuyuŋipun. iŋ taŋgal 21 juni 1812, sŕi sultan haměŋku buwana II dipunlengserakěn dene adipati aném dipunwisuḍa dados sŕi sultan haměŋku buwana III iŋ kapiŋ kalihipun.

nalika adipati aném dipunwisuḍa dados haměŋku buwana III, putŕa mbajěŋṅipun sakiŋ gaṙwa hampeyan, R.M. antawiṙya dipunpariŋi hasma bendara paṅeran arya dipaněgara. anaṅiŋ, paṅeran dipaněgara boten keṙsa iŋ kŕaton saha miliḥ gěsaŋ kaliyan eyaŋ putŕinipun iŋ těgalrějo (sisih ler kilen karaton ṅayogỿakaṙta) kaŋge ñinau bab agama. pañjěněŋṅannipun sami-sami kaguŋṅan watěk hiŋkaŋ kěras saha botěn kěṙsa těluk ḍatěŋ pañjajaḥ sami kados eyaŋṅipun, sŕi sultan haměŋku buwana II. paṅeran dipaněgara iŋ maŋke meŋsaḥ lawan pamarentaḥ walandi kaŋ kacaṭět iŋ sujaraḥ minaŋka pěraŋ hiŋkaŋ paliŋ nělasakěn těnaga saha pŕabeya.

 

wiwit ḍatěŋipun iŋgŕis, kahananipun pamarentaḥhan kasultanan ṅayogỿakaṙta dados howaḥ. yogỿakaṙta kědaḥ pariŋ kamaṙdikan ḍatěŋ kědu, sěpaliḥ pacitan, japan, jipaŋ, saha gŕobogan hiŋkaŋ salajěŋṅipun kalěbět jajahan iŋgŕis. kajawi punika, ugi kědaḥ bayaṙ kapitunaniŋ pěraŋ hiŋkaŋ hagěŋipun 100.000 reyal saběn waṙsa. iŋ wěkdal punika ugi, sultan kědaḥ masŕaḥhakěn 4000 cacaḥ wěwěŋkon sdikaṙta (kulonprogo) ḍumatěŋ paṅeran natakusuma hiŋkaŋ iŋ těmbe dados paṅeran mardika iŋ jroniŋ kasultanan ṅayogỿakaṙta kanṭi sěsěbatan kañjěŋ gusti paṅeran adipati arya paku alam I (1813 dumugi 1829). kajawi sakiŋ punika, aultan ugi kedah masraḥhakěn 1000 cacaḥ maliḥ wěwěŋkonipun ḍumatěŋ kapiten cina tan jiŋ siŋ hawit pambiyantunipun hiŋkaŋ dipunpariŋakěn nalika sŕi sultan haměŋku buwana III taksiḥ dados paṅeran. iŋ těmbe, sŕi sultan ḥaměŋku buwana III ṅaŋkat tan jin siŋ dados bupati yogỿakaṙta saha pariŋ paŋkat saha sěsěbatan K.R.T secadiniŋrat.

Ewaḥ-ewaḥhan hiŋkaŋ wigati sanesipun hiŋkaŋ dumados hiŋgiḥ punika iŋ babagan pŕajurit karaton. iŋgŕis botěn ṅěparěŋṅakěn para raja kagungan pŕajurit punapa kemawon sajawinipun hiŋkaŋ dipun kěparěŋṅakěn deniŋ pamarentaḥ koloniyal. Minaŋka sěsuliḥhipun, pŕajurit iŋgŕis lan sěpoy dados pŕajurit hiŋkaŋ hutami wonten iŋ karaton. těmaḥhanipun, laŋkuŋ sakiŋ 9000 pŕajurit karaton kalěbět sakiŋ bugis saha bali lajěŋ gesaŋṅipun seŋsara. Kaṭah hiŋkaŋ salajěŋṅipun dipunpinḍaḥ ayaḥanipun ḍatěŋ pakěbonan-pakěbonan kaguŋṅan koloniyal iŋ sajawiniŋ jawa.

iŋ taŋgal 3 novemběṙ 1814 (19 dulkaṅidaḥ 1741), sŕi sultan haměŋku buwana III surud kanṭi yuswa 45 waṙsa. pañjěněŋṅannipun dipunsarekakěn wontěn iŋ astana kaswargan, pajimatan, imogiri. haŋgenipun dados ratu daṅunipun wětara 865 dintěn. G.R.M. ibnu jarot, putŕa mbajěŋ ṣŕi sultan haměŋku buwana III sakiŋ G.K.R kěñcana (ratu ibu, sasampunipun 1816; ratu hagěŋ, sasampunipun 1820), hiŋkaŋ sampun dipunwisuḍa dados bakal ratu hiŋkaŋ nglajěŋṅakěn ramanipun dados sŕi sultan haměŋku buwana IV iŋ yuswa 10 taun.

tilaṙan sŕi sultan haměŋku buwana III

kampuŋ kětandan, hiŋkaŋ wontěn cělakipun maŕgi maliyabara, hiŋkaŋ sapunika rame dados puñjěriŋ paŋgenan dagaŋ saṙta budaya tiyonghoa iŋ yogỿakaṙta dipunbangun iŋ jaman sŕi sultan haměŋku buwana III. wiwitanipun, kampuŋ punika minaŋka papanipun para juru paos hiŋkaŋ kaṭahipun piyayi sakiŋ cina. iŋ mŕiki wontěn waṅunan mawi loteŋ hiŋkaŋ kahagěm kaŋge panasihat pŕibadi sultan,hiŋgiḥ měnika tan jin siŋ, kapitan cina sakiŋ kědu hiŋkaŋ wasis maneka wěrna basa.

kajawi sakiŋ punika, sŕi sultan haměŋku buwana III ugi nḍatěŋakěn rata sakiŋ iŋgŕis hiŋkaŋ cŕiyossipun tahan mimis. rata punika dipunwastani Kỿai mandŕa juwala. sanadyan botěn daṅu, iŋ wěkdal pamarentaḥhan sŕi sultan haměŋku buwana punika kawula yogỿakaṙta rumaos laŋkuŋ ayěm saha těntṛěm. (tcs)