ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧔꧇

1814 - 1822

꧋ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦂꦪꦏꦥꦶꦁ ꧓꧇ ꦥꦿꦶꦭ꧀ ꧔꧇ ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦱ꧀ꦩꦭꦶꦠ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦢꦼꦤ꧀ꦩꦱ꧀꧌ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧍ꦆꦧ꧀ꦤꦸꦫꦺꦴꦠ꧀꧈ ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦢꦃꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥꦠꦶꦭꦶꦲꦧꦶꦱꦺꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩꦢꦊꦩ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦫꦶꦏꦭꦱꦸꦂꦪꦥꦶꦁ ꧑꧇ ꦗꦸꦤꦶ ꧒꧇ ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸ ꦥꦸꦠꦿꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸꦮꦤ꧇꧓꧇ꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ​​ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸ꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍ꦲꦒꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇ ꦫꦶꦱꦸꦂꦪꦥꦶꦁ ꧙꧇ ꦤꦺꦴꦥ꦳ꦼꦩ꧀ꦧꦼꦂ ꧔꧇ ꦭꦶꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ ꧐꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉

ꦫꦤ꧀ꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦼꦤꦺꦩ꧀꧈ ꦩꦶꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸꦮꦤ꧇꧔꧇ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦔꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦭꦶ ꦭꦃꦠꦸꦁꦭꦶꦁꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦃꦮꦚ꧀ꦕꦶꦱꦏ꧀ꦩꦼꦤꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦠꦏꦸꦱꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦣꦃꦒꦼꦭꦂꦏꦸꦭꦩ꧀꧇꧑꧇꧉ ꦊꦁꦒꦃꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦭꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦏꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏꦶꦭ꧀ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꧖꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧈ ꦫꦶꦠꦲꦸꦤ꧀ ꧐꧇ ꦢꦾꦤ꧀ꦩꦼꦠꦼꦤ꧀꧈ ꦭꦶꦤꦸꦭꦾꦤꦶꦁꦱꦿꦃꦏꦸꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦨꦼꦭꦤ꧀ꦢꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ ꧖꧇ ꦲꦶꦧꦸꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦧꦠ꧀ꦫꦠꦸꦲꦶꦧꦸꦠꦶꦃꦤꦸ꧇꧔꧇ꦥꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦼꦤꦁꦔꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦭꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉

ꦏꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦤꦼꦒꦫꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦪꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇꧈ ꦢꦶꦥꦸꦒꦩ꧀ꦧꦏꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦽꦱ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦶꦁꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦣꦸꦠꦼꦁꦲꦂꦗꦸ ꦭꦶꦱꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦏꦼꦤ꧀ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦱꦸꦂꦪꦏꦥꦶꦁ ꧒꧇ ꦉꦠ꧀ ꧕꧇ ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦒꦫꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦠꦸꦥꦶꦤꦶꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦁꦪꦶꦩꦶꦒꦸꦏꦼꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦭꦶꦃ ꦗꦼꦁ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦏꦼꦢꦸꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦧꦢ꧀ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦮꦶꦔꦼꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦤꦼꦒꦫꦩꦶꦠꦺꦴꦏꦼꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦶꦝꦶꦏꦤ꧀ꦱꦁ ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦫꦁ ꦏꦶꦁꦡꦼꦭꦽꦗꦺꦴꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦤꦼꦏꦼꦥꦁꦒꦶꦃꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦼꦤꦺꦩ꧀ꦏꦒꦼꦩ꧀ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦏꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦢꦶꦥꦼꦏꦼꦂꦠꦶꦏꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥ꦳ꦠꦃꦲꦭ꧀ꦩꦸꦭ꧀ꦏꦱꦏ꦳ꦭꦶꦫꦧ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱ꦳ꦶꦫꦶ ꦱꦁꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦿꦶꦁꦲꦺꦴꦏꦼꦤ꧀ꦤꦱ꧀ꦏꦃꦤꦱ꧀ꦏꦃꦮꦶꦠꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦶ ꦗꦸꦱ꧀ꦱꦠꦶꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦪꦠ꧀ꦩꦏꦸ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦺꦤꦏ꧀꧈ ꦧꦢ꧀ꦏꦼꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ ꦲꦂꦗꦸꦱꦿꦲꦸ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦿꦪꦸ ꦢꦿ ꦏꦁꦒꦺꦚꦼꦁꦏꦸꦪꦸꦁꦥꦼꦤ꧀ꦝꦶꦝꦶ​​ꦏꦤ꧀ꦱꦁꦭꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦶ ꦠꦸꦲꦶꦧꦸꦲꦸꦒꦶꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦏꦾꦻꦲꦃꦩꦢ꧀ꦔꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦏꦼꦱꦸꦏꦤ꧀ꦱꦸꦫꦺꦴꦠꦤ꧀ꦱꦲꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦧꦱ꧀ꦥꦼꦂꦮꦶꦱꦼꦥꦺꦴꦪ꧀ꦏꦁꦒꦺꦩꦸꦕꦭ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦭ꧀ꦐꦸꦂꦲꦤ꧀ꦱꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦼꦪꦸ

ꦏꦼꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦼꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦺꦴꦤꦼꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦶꦠꦶꦃꦤꦸ꧇꧔꧇ꦱꦩ꧀ꦱꦤꦚ꧀ꦕꦼꦏꦼꦤ꧀ꦥꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤꦤ꧀꧉ ꦠꦶꦃꦤꦸ꧇꧔꧇ ꦚꦼꦁꦏꦸꦪꦸꦁꦱꦶꦱ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦱꦼꦤꦃꦏꦁꦒꦼꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦠ ꦢꦺꦤꦺꦥꦿꦏ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦒꦼꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦤ꧀ꦏꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤꦤ꧀꧉ ꦢꦺꦫꦺꦁꦠꦺꦱꦢꦺꦫꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦔꦸꦥꦼꦔꦸꦌꦫꦺꦴꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦏꦂꦪꦤ꧀ꦠꦼꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦁꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦥꦶꦤꦶꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦼꦧꦠ꧀꧉ ꦏꦼꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦸ ꦠꦶꦃꦤꦸ꧇꧔꧇ꦲꦸꦒꦶꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦼꦣꦺꦫꦺꦏ꧀ꦱꦼꦣꦺꦫꦺꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦺꦴꦱꦶꦱꦶꦥꦺꦴꦱꦶꦱꦶꦱꦺꦠꦿꦠꦼꦒꦶꦱ꧀ꦥꦩꦫꦺꦤ꧀ꦠꦲꦤ꧀꧉ ꦥꦸꦚ꧀ꦕꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱꦸꦪꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦤꦼꦒꦫꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦤꦸꦗ꧇꧔꧇ꦏꦺꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦭꦶꦒꦼꦧꦼꦒ꧀ꦱꦮꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦂꦪꦥꦶꦁ ꧒꧇ ꦗꦸꦭꦶ ꧐꧇ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦤ꧀ꦝꦶꦫꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦸ ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦺꦴꦤꦼꦕꦢ꧀ꦥꦠꦶꦃꦤꦸ꧇꧔꧇ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦚꦺꦏꦼꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦏꦿꦗꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦗꦺꦴꦮꦶꦔꦸꦤ꧀꧉

ꦩꦸꦁꦲꦺꦴꦠ꧀ꦏꦭꦶꦃꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦶꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦤ꧀ꦝꦶꦫꦶ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇ ꦱꦺ ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦭꦶꦤꦶꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦢ ꧖꧇ ꦢꦺꦱꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ ꧓꧇ ꧒꧇ ꦧꦶꦔꦸꦭ꧀ꦭꦮꦭ꧀ ꧐꧇ ꧍꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸꦤ꧇꧔꧇ꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ ꧙꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦛꦼꦠꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦮꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦢꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦸꦚ꧀ꦗꦸꦔꦤ꧀ꦝ​​ꦠꦼꦁꦥꦼꦱꦁꦒꦿꦃꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦩꦶꦗꦼꦁꦲꦱ꧀ꦩꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤꦸꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦺꦧꦼꦱꦶꦪꦂ ꦯꦿꦶꦯꦸꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦺꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦱ꧀ꦠꦧꦼꦱꦶꦫꦤ꧀ꦥꦗꦶꦠꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦩꦺꦴꦒꦶꦫꦶ

ꦏꦶꦁꦏꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦔꦁꦌꦱ꧀ꦠꦿꦺꦶ​​ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸꦤ꧇꧔꧇ꦒꦣꦃ꧘꧇ ꦥꦸꦠꦿ ꦔꦶꦁꦱꦏ꧀ꦥꦿꦺꦴꦠꦼꦭꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦼꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦭꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦼꦤꦺꦩ꧀꧉ ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤꦼꦫꦸꦱ꧀ꦭꦗꦼꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦥꦸꦠꦿꦏꦶꦁꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ​​꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍ꦏꦼꦚ꧀ꦕꦤ꧈ ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦢꦼꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦓꦠꦺꦴꦠ꧀ꦩꦺꦤꦺꦴꦭ꧀꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ ꧓꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉

ꦠꦶꦫꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇

ꦭꦶꦤꦶꦁꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦶꦫꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦁꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦭꦶꦃꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦮꦼꦤꦁꦔꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦛꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦲꦺꦴ​​ꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦲꦶꦧꦸ ꦠꦶꦃꦤꦸꦗꦺꦴꦧꦼꦭꦤ꧀ꦢ ꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶ ꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦥꦸꦫꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦪꦱꦱ꧀ꦠꦿꦒꦼꦁꦲꦸꦮꦶꦱꦼꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦶꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦮꦤ꧀ꦠꦲꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦸ꧇꧔꧇꧉

ꦔꦶꦁꦩꦼꦠꦼꦤ꧀꧈ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦏꦫꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦱꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦸꦱꦺꦪꦸꦩ꧀ꦏꦼꦫꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦾꦻꦤꦶꦏ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦺꦴꦏꦾꦻꦗꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦫꦤ꧀ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦧꦮꦤ꧇꧔꧇꧉ ꦏ꧀ꦫꦺꦭꦶꦠ꧀ꦏꦼꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦚ꧀ꦕꦁꦒꦼꦩ꧀ꦏꦧꦼꦲꦤ꧀ꦥꦼꦱꦶꦪꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦿꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀

Sri Sultan Hamengku Buwana IV

1814 - 1822

Miyos surya kaping 3 April 1804 kanthi asma alit Gusti Radèn Mas (GRM) Ibnu Jarot, panjenenganipun dipuntedah dados pangéran pati nalika abhisékanipun rama dalem dados sultan rikala surya kaping 21 Juni 1812. Mboten dangu, putra Sri Sultan Hamengku Buwana III kaliyan pramèswari Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Hageng punika jumeneng dados Sri Sultan Hamengku Buwana IV rikala surya kaping 9 November 1814 nalika yuswanipun taksih 10 taun.

Jalaran yuswanipun taksih enèm, mila pamaréntah Sri Sultan Hamengku Buwana IV dipunrèncangi déning wali raja. Salah satunggaling wali raja ingkang kapatah wanci sakmenika inggih  Pangéran Natakusuma ingkang sampun gadhah gelar Paku Alam I. Kalenggahan dados wali dipuntemtukaken ngantos dumugi sultan sampun akil baligh ing yuswanipun 16 taun, rikala taun 1820. Sanadyan mekaten, nalika nulya ning pasrah kakuwaosan Inggris dhateng Belanda ing taun 1816, Ibu Sultan -lajeng dipunsebat Ratu Ibu saha Patih Danureja IV punika ingkang nindakaken kawenangan dados wali sultan sadinten-dinten.

Caketipun Pangéran Dipanegara kaliyan rayinipun, Sri Sultan Hamengku Buwana IV, dipungambaraken kados Kresna ingkang paring piwulang dhumateng Arjuna. Nalika Sang Raja dipunkhitanaken wanci surya kaping 22 Maret 1815, Pangéran Dipanegara piyambak ingkang nutupi paningalipun keng rayi migunakaken astanipun kekalih. Lajeng, wonten ing Kitab Kedung Kebo saha Babad Ngayogyakarta dipunsebataken menawi Pangéran Dipanegara migatosaken sanget pendhidhikan sang raja. Mboten arang, saking Tegalrejo Pangéran Dipanegara kepanggih sultan eném kagem nyariosaken cariyos-cariyos budi pekerti saking Kitab Fatah Al-Mulk saha Raja-Raja khayali Arab ugi Syiria. Sang pangéran ugi asring maosaken naskah-naskah wigati kados Serat Ambiya, Tajussalatin, Hikayat Makutha Raja, Serat Ménak, Babad Keraton. Arjuna Sasrabahu, Serat Bratayudha, saha Rama Badra. Kanggé nyengkuyung pendhidhikan sang raja alit puniki, Ratu Ibu ugi ngutus Kyai Ahmad Ngusman - kepala pasukan Suronatan saha Létnan Abbas - perwira Sepoy kanggé mucal maos Al Quran saha maos serat Melayu.

Caketipun Pangéran Dipanegara kaliyan kraton lajeng kendho nalika Patih Danureja IV samsaya nancepaken padayanipun wonten ing Kasultanan. Patih Danureja IV anyengkuyung sistem séwa tanah kanggé swasta, déné praktèk punika ingkang ndamel rekaos kagem kawula kasultanan. Dèrèng naté sedéréngipun pengusaha-pengusaha Éropa nindakaken prakaryan tegalan ingkang ageng kados kopi saha nila ngantos ing mangsa kasebat. Kejawi puniku, Patih Danureja IV ugi ngutus sedhèrèk-sedhèrèkipun wonten ing posisi-posisi stratégis pamaréntahan. Puncakipun  pasulayan antawis Pangéran Dipanegara kaliyan Patih Danureja IV kedados nalika Gerebeg Sawal ing surya kaping 12 Juli 1820. Wonten ing ngajenganipun Sultan ingkang sampun kuwaos kanthi mandhiri puniku, Pangéran Dipanegara anacad Patih Danureja IV ingkang sampun nyéwakaken siti krajan wonten ing Rejowinangun.

Namung kaot kalih taun wiwit nglampahaken pamarintahan ingkang mandhiri, Sri Sultan Hamengku Buwana IV séda. Ing dinten nalikaning piyambakipun séda, 6 Désémber 1823 (22 Rabingulawal 1750), Sri Sultan Hamengku Buwana IV yuswanipun taksih 19 taun. Wonten ing cathetan dipunsebataken menawi piyambakipun séda sasampunipun wangsul saking kunjungan dhumateng pesanggrahanipun. Mila lajeng asma piyambakipun kawanuhan dados Sultan Séda Besiyar. Sri Sultan Hamengku Buwana IV dipunsarèkaken wonten ing Astana Besiyaran Pajimatan, Imogiri.

Saking palakramanipun kaliyan sangang éstrinipun, Sri Sultan Hamengku Buwana IV gadhah 18 putra. Ananging sakprotélonipun saking peputranipun pejah nalika taksih enèm. Ingkang dados panerus lajengipun inggih punika putra saking prameswari GKR Kencana, Gusti Radèn Mas Gatot Ménol, ingkang yuswanipun taksih 3 taun.

Tilaran Sri Sultan Hamengku Buwana IV

Nalikaning pamaréntahan mandhiri ingkang namung mlampah kalih taun ndamel sedaya kawenangan langkung kathah dipunkuwaosaken déning Ratu Ibu, Patih Danureja saha Belanda. Awit saking punika, saged dipunapuranten bilih mboten wonten karya sastra ageng utawi seni ingkang dipunkasilaken wonten ing pamaréntahan Sri Sultan Hamengku Buwana IV.

Ananging mekaten, wonten kalih krèta ingkang wekdal sakpunika wonten ing Musyèum Kerèta Kraton Yogyakarta inggih punika Kyai Manik Retno saha Kyai Jaladara ingkang kalebet tilaran Sultan Hamengku Buwana IV. Kreta alit kekalih punika dipunrancang kagem kabetahan pesiyar ingkang asring dipuntindakaken déning Sri Sultan.

sŕi sultan haměŋku buwana IV

1814 - 1822

miyos  suṙya kapiŋ 3 apŕil 1804 kanṭi hasma halit gusti raden mas (GRM) ibnu jarot, pañjěneṅannipun dipuntědah dados paṅeran pati nalika abisekanipun rama daḷěm dados sultan rikala suṙya kapiŋ 21 juni 1812. mbotěn daṅu, putŕa sŕi sultan haměŋku buwana III kaliyan pŕameswari gusti kañjěng ratu (GKR) hagěŋ punika juměněŋ dados sŕi sultan haměŋku buwana IV rikala suṙya kapiŋ 9 novemběr 1814 nalika yuswanipun taksih 10 tahun.

jalaran yuswanipun taksih ěnem, mila pamaṙentaḥ sŕi sultan haměŋku buwana IV dipunrencaŋṅi deniŋ wali raja. salaḥ satuŋgaliŋ wali raja hiŋkang kapataḥ wañci sakměnika hiŋgih  paṅeran natakusuma hiŋkang sampun gaḍah gělar paku alam I. kalěŋgahan dados wali dipuntěmtukakěn ṅantos dumugi sultan sampun akil balik hiŋ yuswanipun 16 tahun, rikala taun 1820. danadyan měkatěn, nalika nulya niŋ pasraḥ kakuwaosan iŋgris ḍatěŋ bělanda hiŋ taun 1816, ibu sultan -lajěŋ dipunsěbat ratu ibu saha patih danurěja IV punika hiŋkang nindakakěn kawěnangan dados wali sultan sadintěn-dintěn.

cakětipun paṅeran dipaněgara kaliyan rayinipun, sŕi sultan haměŋku buwana IV, dipungambaṙakěn kados kṛsna hiŋkang pariŋ piwulaŋ ḍumatěŋ aṙjuna. nalika saŋ raja dipunkhitanakěn wañci suṙya kapiŋ 22 Maret 1815, paṅeran dipaněgara piyambak hiŋkang nutupi paniŋallipun kěŋ rayi migunakakěn hastanipun kěkaliḥ. lajěŋ, wontěn hiŋ kitab kěduŋ kebo saha babad ṅayogỿakaṙta dipunsěbatakěn měnawi paṅeran dipaněgara migatosakěn saṅet pěnḍiḍikan saŋ raja. mbotěn haraŋ, sakiŋ tegalrejo paṅeran dipaněgara kěpaŋgiḥ sultan ěnem kagěm ñariosakěn cariyos-cariyos budi pěkěṙti sakiŋ kitab fatah al-mulk saha raja-raja khayali arab ugi syiria. saŋ paṅeran ugi hasŕiŋ maosakěn naskaḥ-naskaḥ wigati kados sěrat hambiya, tajussalatin, hikayat makuṭa raja, sěrat menak, babad kŕaton. harjuna sasrabahu, sěrat bratayuḍa, saha rama badŕa. kaŋge ñěngkuyuŋ pěnḍiḍikan saŋ raja halit puniki, ratu ibu ugi ṅutus kỿai ahmad ṅusman - kěpala pasukan suronatan saha ḷětnan abbas – pěṙwira sěpoy kaŋge mucal maos al khuran saha maos sěrat mělayu.

cakěttipun paṅeran dipaněgara kaliyan kŕaton lajěŋ kěnḍo nalika patih danurěja IV samsaya nancěpakěn padayanipun wontěn hiŋ kasultanan. patih danurěja IV anyěŋkuyuŋ sistěm sewa tanaḥ kaŋge swasta, dene pŕaktek punika hiŋkaŋ ndaměl rěkaos kagěm kawula kasultanan. dereŋ nate saderengipun pěŋusaha-pěŋusaha eropa nindakakěn pŕakaṙyan těgalan hiŋkaŋ agěŋ kados kopi saha nila ṅantos hiŋ maŋsa kasěbat. kějawi puniku, patiḥ danurěja IV ugi ṅutus sěḍerek-sěḍerekipun wontěn hiŋ posisi-posisi stŕatěgis pamaṙentaḥan. puñcakipun  pasulayan hantawis paṅeran dipaněgara kaliyan patiḥ danurěja IV kědados nalika gěrěběg sawal hiŋ suṙya kapiŋ 12 juli 1820. wontěn hiŋ ṅajěŋṅanipun sultan hiŋkang sampun kuwaos kanṭi manḍiri puniku, paṅeran dipaněgara anacad patiḥ danurěja IV hiŋkang sampun ñewakakěn siti kŕajan wontěn hiŋ rějowinaṅun.

namuŋ kaot kaliḥ tahun wiwit ṅlampaḥhakěn pamaṙentaḥhan hiŋkang manḍiri, sŕi sultan haměŋku buwana IV seda. dintěn nalikaniŋ piyambakipun seda, 6 desemběṙ 1823 (22 rabiṅulawal 1750), sŕi sultan haměŋku buwana IV yuswanipun taksiḥ 19 tahun. wontěn hiŋ caṭetan dipunsěbatakěn měnawi piyambakipun seda sasampunipun waŋsul sakiŋ kuñjuṅan ḍatěng pěsaŋgŕaḥhannipun. mila lajěŋ hasma piyambakipun kawanuhan dados sultan seda běsiyaṙ. sŕi sultan haměŋku buwana IV dipunsarekakěn wontěn hiŋ hastana běsiyaṙan pajimatan, imogiri.

sakiŋ palakŕamanipun kaliyan saṅaŋ estŕinipun, sŕi sultan haměŋku buwana IV gaḍaḥ 18 putŕa. hanaŋhiŋ sakpŕotělonipun sakiŋ pěputŕanipun pějaḥ nalika taksiḥ ěnem. hiŋkaŋ dados paněrus lajěṅipun hiŋgih punika putŕa sakiŋ pŕameswari GKR kěñcana, gusti raden mas gatot menol, hiŋkaŋ yuswanipun taksiḥ 3 tahun.

 tilaran sŕi sultan haměŋku buwana IV

nalikaniŋ pamaṙentaḥan manḍiri hiŋkaŋ namuŋ mlampaḥ kaliḥ tahun ndaměl sědaya kawěnaṅan laŋkuŋ kaṭah dipunkuwaosakěn deniŋ ratu ibu, patiḥ danureja saha bělanda. awit sakiŋ punika, sagěd dipunapurantěn biliḥ mbotěn wontěn kaṙya sastŕa agěŋ hutawi seni hiŋkaŋ dipunkasilakěn wontěn hiŋ pamaṙentaḥan sŕi sultan haměŋku buwana IV.

anaŋṅiiŋ měkatěn, wontěn kaliḥ kŕeta hiŋkaŋ wěkdal sakpunika wontěn hiŋ museyum kěreta kŕaton yogỿakaṙta hiŋgih punika kỿai manik rětno saha kỿai jaladara hiŋkaŋ kalěbět tilaran sultan haměngku buwana IV. kŕeta halit kěkalih punika dipunrañcaŋ kagěm kabětahan pěsiyaṙ hiŋkaŋ asŕiŋ dipuntindakakěn deniŋ sŕi sultan.