ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇

1855 - 1877

꧋ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦫ​ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀꧌ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧍ꦩꦸꦱ꧀ꦠ​ꦗ​ꦩꦶ​ꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧐꧇ ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧒​꧑꧇ ꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦯꦿꦶ​ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧔꧇ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦿ​ꦩꦺꦱ꧀ꦮ​ꦫꦶ​ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦫ​ꦠꦸ​꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍ꦏꦼꦚ꧀ꦕ​ꦤ​꧉ ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧓​꧙꧇ ꧈ ꦩꦸꦱ꧀ꦠ​ꦗ​ꦏ​ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦩꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦩꦶ​꧉ ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶ​ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦁ​ꦏꦠ꧀ꦭꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦺꦭ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥ​ꦩ​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦃ​ꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶ​ꦪ​ꦧꦼ​ꦭꦤ꧀ꦢ​꧉ ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​꧈ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦁ​ꦒꦃ​ꦥꦁ​ꦏꦠ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦺꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧔​꧗꧇ ꧉

ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧕꧇​ꦩ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶ​ꦭ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿ​꧉ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ​ꦭ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿ​ꦩꦮꦱ꧀ꦮ​ꦫꦶ꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍​ꦱꦼ​ꦏꦂ​ꦏꦼ​ꦣ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦱ꧀ꦩ​꧉ ꦡꦶ​ꦩꦸꦂ​ꦩꦸꦃ​ꦲꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧉ ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦢꦶ​ꦮ​ꦱ​꧈ ꧌ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧍ꦡꦶ​ꦩꦸꦂ​ꦩꦸ​ꦲꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦥꦶ​ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦩ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪ​꧌ꦏ꧈ꦥ꧈ꦲ꧍ꦱꦸꦂꦪꦤꦶꦁ​ꦔ​ꦭ​ꦒ​꧉ ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦏꦺꦴ​ꦭꦺꦴ​ꦤꦶ​ꦪꦭ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶ​ꦪ​ꦧꦼ​ꦭꦤ꧀ꦢ​ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦤꦼ​ꦠꦼ​ꦥ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦩꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦩꦶ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦿꦶ​ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦤ​ꦠ​ ꧇​꧕꧇ ꦗꦸ​ꦭꦶ​ ꧇​꧑​꧘​꧕​꧕꧇ ꧉

ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​ ꧇​꧒​꧗꧇ ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀꧈ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦲꦸꦥ꧀ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍ꦏꦺꦚ꧀ꦕꦤ​​꧈ ꦥꦸ​ꦠꦿꦶ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦯꦸꦱꦸ​ꦲꦸ​ꦤꦤ꧀ꦥ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧗꧇ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦯꦸꦫ​ꦏꦂ​ꦠ​꧉ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿ​ꦩꦺ​ꦱ꧀ꦮ​ꦫꦶ​ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​꧈ ꦫ​ꦠꦸ​ꦏꦼꦚ꧀ꦕ​ꦤ​ꦥꦶ​ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦩ​꧌ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧍ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧉ ꦣꦲꦸꦥ꧀ꦲ​ꦒꦼꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦚ꧀ꦗ​ꦭ​ꦫꦶ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤꦶꦁ​ꦱꦼ​ꦱꦩ꧀ꦧꦼ​ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦲꦺ​ꦩ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦤ꧀ꦠ​ꦮꦶ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦱ​ꦲ​ꦏ​ꦱꦸ​ꦤ​ꦤꦤ꧀ꦱꦸ​ꦫ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦢꦺ​ꦫꦺꦁꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶ​ꦫꦁ​ꦱꦼ​ꦏꦺ​ꦕ​ꦮꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦥꦿ​ꦗꦚ꧀ꦗꦺꦤ꧀ꦒꦶ​ꦪꦤ꧀ꦠꦶ​꧉ ꦱꦼ​ꦱꦩ꧀ꦧꦼ​ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦲꦺ​ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱ​ꦤꦺꦱ꧀ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏ​ꦊꦏ꧀ꦱ​ꦤꦤ꧀ꦱ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​ꦣꦲꦸꦥ꧀ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿꦶ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦏꦿ​ꦗꦤ꧀ꦧꦿꦸ​ꦤꦺ​ꦲꦶ​꧉

ꦫꦺꦁꦫꦺꦁ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥ​ꦩ​ꦫꦶꦤ꧀ꦠ​ꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦭꦏ꧀ꦱ​ꦤꦤ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦔ꧀ꦭ​ꦗꦼꦁꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴ​ꦢꦺꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦭꦩ꧀ꦥ​ꦲꦤ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦥꦼ​ꦫꦁ​ꦥ​ꦱꦶꦥ꦳꧀꧉ ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦧꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ​ꦔꦼꦠ꧀ꦏ​ꦭꦶ​ꦪꦤ꧀ꦱꦺꦴ​ꦭꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦢꦺꦫꦺ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦏ​ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦣ​꧈ ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏ꧀ꦢꦺ​ꦫꦺꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦠꦼ​ꦠꦼꦒ꧀ꦲ​ꦤꦸ​ꦮꦭ꧀ꦏ​ꦥꦸ​ꦠꦸ​ꦱ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦏ​ꦏ​ꦥꦿ​ꦧꦸ​꧉ ꦩ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴ​ꦭꦃ​ꦭꦤ꧀ꦥꦿ​ꦠꦶꦁ​ꦏꦃ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩ​ꦏ​ꦠꦼꦤ꧀꧈ ꦢ​ꦢꦺꦴ​ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸ​ꦕꦶ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦁ​ꦏ​ꦱ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦩꦼꦭ꧀ꦔ​ꦫꦸ​ꦲ​ꦫ​ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠ​ꦤꦤ꧀꧉ ꦧꦼꦒ꧀ꦗ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦏ​ꦲꦶꦫꦶꦢ꧀ꦢꦼ​ꦤꦶꦁ​ꦥ​ꦠꦶꦃ​ꦢ​ꦤꦸ​ꦉ​ꦗ​꧇꧕꧇ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦭꦺꦴ​ꦏ​ꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢ​ꦩꦼꦭ꧀ꦱꦶ​ꦪ​ꦱꦠ꧀꧈ ꦱ​ꦲꦼꦁ​ꦒ​ꦏ​ꦛꦃ​ꦥꦽ​ꦏ​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦸꦁ​ꦱꦶꦠ꧀ꦱ​ꦒꦼꦢ꧀ꦏ​ꦥꦸꦁ​ꦏ​ꦱꦤ꧀꧉

ꦱ​ꦊ​ꦧꦼ​ꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦲꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸꦧꦸꦮꦤ​꧇꧖꧇​꧈ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦕ​ꦤ​ꦲ​ꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔ꧀ꦒꦼ​ꦒꦶ​ꦫꦶ​ꦱ꧀ꦱꦶ​꧉ ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦲ​ꦒꦼꦁ​ꦲꦺꦴ​ꦉ​ꦒ꧀ꦒ​ꦏꦼꦤ꧀ꦧꦸ​ꦩꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​꧈ ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ ꧇​꧑​꧐꧇ ꦗꦸ​ꦤꦶ​ ꧇​꧑​꧘​꧖​꧗꧇ ꧉ ꦏ​ꦱꦼ​ꦫꦠ꧀꧈ ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦚ꧀ꦗ​ꦭ​ꦫꦶ​ꦠꦶ​ꦮ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ ꧇​꧕​꧐​꧐꧇ ꦏꦸꦂ​ꦧꦤ꧀ꦗꦶ​ꦮ​꧉ ꦱ​ꦤꦺ​ꦱꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦔꦿꦶ​ꦱꦏ꧀ ꧇​꧓​꧒​꧗꧇ ꦮꦼ​ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀꧈ ꦱ​ꦭꦃ​ꦱ​ꦠꦸꦁ​ꦒ​ꦭꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ ꦮꦼ​ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦫꦶ​ꦱꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦠꦸ​ꦒꦸ​ꦒꦺꦴ​ꦭꦺꦴꦁ​ꦒꦶ​ꦭꦶꦁ​꧌ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏ꧀ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦠꦸ​ꦒꦸ​ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦗ​꧍꧉ ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦮꦼ​ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦠ​ꦩꦤ꧀ꦱ​ꦫꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦶ​ꦱꦏ꧀꧉ ꦤ​ꦱꦶꦧ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦢ​ꦢꦺꦴ​ꦱ​ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦒꦼ​ꦣꦼ​꧈ ꦱ​ꦲ​ꦭꦺꦴ​ꦗꦶ​ꦲ​ꦭꦶꦠ꧀꧌ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦒꦼ​ꦢꦸꦁ​ꦲ​ꦒꦸꦁ​꧍ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦫꦶ​ꦱꦏ꧀꧉ ꦫꦶ​ꦱ​ꦏ꧀ꦏꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦩ꧀ꦧꦼ​ꦠꦃꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺꦩ꧀ꦧ​ꦔꦸꦤ꧀ꦩ​ꦭꦶꦃ​ꦫ​ꦢꦶ​ꦢ​ꦔꦸ​꧉ ꦠꦸ​ꦒꦸ​ꦒꦺꦴ​ꦭꦺꦴꦁ​ꦒꦶ​ꦭꦶꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸ​ꦒꦂ​ꦩ​ꦭꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠ​ꦲꦤ꧀ꦯꦿꦶ​ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧗꧇​꧉ ꦏ​ꦱꦼ​ꦫꦠ꧀ꦢꦼ​ꦤꦶꦁ​ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ​ꦤ​ꦱꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦤꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦧꦸꦏ​ꦲꦺꦴꦥ꦳꧀ꦲꦼꦠ꧀ꦏꦸꦌꦏ꧀ꦌꦤꦌ꧀ꦤꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦫꦶꦁꦱꦺꦱꦶꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦒꦶ​​​ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸ ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦔ꧀ꦒ​ꦢꦃꦲꦶ​ꦏꦼ​ꦏꦶ​ꦪ​ꦠꦤ꧀ ꧇​꧖꧈꧘꧇ ꦌꦱ꧈ꦌꦫ ꧉

ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦠꦩ꧀ꦠꦸ​ꦏꦺ​ꦩ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗ​ꦭ​ꦫꦶ​ꦠꦿꦲꦸꦩ​꧈ ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦣ​ꦮꦸꦃ​ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦩ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦃ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦺ​ꦔꦼꦠ꧀ꦲꦺ​ꦔꦼꦠ꧀꧈ ꦲ​ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦤ​ꦩꦸꦁ​ꦏ​ꦢ​ꦢꦺ​ꦪꦤ꧀ꦱꦼ​ꦥꦶ​ꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦏ​ꦲꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦩ​ꦭꦶꦃ​꧉ ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲ​​ꦝꦼꦝ​ꦱꦂ​꧈ ꦱꦼ​ꦫ​ꦠꦤ꧀ꦱꦼ​ꦫ​ꦠꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸ​ꦤ​ꦩꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦲ​ꦔꦼꦤ꧀ꦲ​ꦔꦼꦤ꧀꧈ ꦩ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼ​ꦫ​ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦱꦼ​ꦫꦠ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦗꦁ​ꦒ​ꦥꦸ​ꦗꦁ​ꦒ​ꦏꦿ​ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉

ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꧇​꧒​꧐꧇ ꦗꦸ​ꦭꦶ​ ꧇​꧑​꧘​꧘​꧗꧇ ꧌ ꧇​꧙꧇ ꦉ​ꦗꦼꦧ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧐​꧖꧇ ꧍꧈ ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​ ꧇​꧕​꧖꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ ​꧇꧖꧇ ​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀꧉ ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤ꧀ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦫꦺ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦠ​ꦤ​ꦧꦼ​ꦱꦶ​ꦪꦫꦤ꧀꧈ ꦥ​ꦗꦶ​ꦩ​ꦠꦤ꧀ꦲꦶ​ꦩꦺꦴ​ꦒꦶ​ꦫꦶ​꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ ꧇​꧑​꧓꧇ ꦲ​ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧗​꧗꧇ ꧈ ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦫ​ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦩꦸꦂ​ꦠꦺꦗ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦤ​ꦠ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧗꧇​꧉

ꦠꦶ​ꦭꦂꦫꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​ ꧇꧖꧇

ꦪ​ꦱꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦧꦼ​ꦝ​ꦪ​ꦧ​ꦧꦂ​ꦭ​ꦪꦂ​ꦱ​ꦲ​ꦱꦿꦶꦩ꧀ꦥꦶ​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿ​ꦮ​ꦱꦺꦱ​꧉

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥ​ꦩ​ꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦲꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇꧈ ꦏ​ꦱꦸ​ꦮꦸꦤ꧀ꦏꦿꦺ​ꦠ​ꦏꦾꦲꦶꦮꦶꦩ​ꦤ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏ​ꦒꦶꦤ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦥ​ꦕ​ꦫ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼ​ꦔꦤ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏꦿꦺꦠ​ꦏ​ꦭꦸ​ꦲꦸꦂ​ꦫꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​꧇꧖꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦒꦶꦤ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦏꦾꦲꦶꦏꦁ​ꦗꦼꦁ​ꦒ​ꦫꦸ​ꦝ​ꦪꦏ꧀ꦱ​꧉

Sri Sultan Hamengku Buwana VI

1855 - 1877

Gusti Radèn Mas (GRM) Mustaja miyos ing 10 Agustus 1821, inggih menika putra Sri Sultan Hamengku Buwana IV saking pramèswari Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Kencana. Rikala tahun 1839, GRM Mustaja kawisudha asmaipun dados Pangréan Adipati Mangkubumi. Lajeng panjenenganipun pikantuk pangkat Létnan Kolonèl saking Pamarintah Hindia Belanda. Ingkang ing tembé, panjenenganipun minggah pangkat dados Kolonèl ing tahun 1847.

Nalika surud, Sri Sultan Hamengku Buwana V mboten nilaraken putra. 13 dinten salajengipun prameswari GKR Sekar Kedhaton miyosaken putra ingkang asma GRM. Timur Muhammad. Nalika ngancik diwasa, GRM Timur Muhammad pikantuk asma  Kanjeng Pangéran Harya (KPH) Suryaning Ngalaga. Pamaréntah kolonial Hindia Belanda lajeng netepaken Pangéran Adipati Mangkubumi dados Sri Sultan Hamengku Buwana VI ingkang jumeneng nata 5 Juli 1855.

Nalika ngancik yuswa 27 tahun, panjenenganipun dhaup kaliyan GKR Kencana, putri dalem Susuhunan Paku Buwana VII saking Surakarta. Sasampunipun dados pramèswarinipun Sultan Hamengku Buwana VI, Ratu Kencana pikantuk asma GKR Hamengku Buwana. Dhaup ageng punika njalari wontening sesambetan ingkang saé malih antawisipun Kasultanan Yogyakarta saha Kasunanan Surakarta ingkang sadèrèngipun kirang sekéca wiwit Prajanjèn Giyanti. Sesambetan ingkang saé kaliyan kraton sanès ugi kaleksanan sasampunipun Sri Sultan Hamengku Buwana VI dhaup kaliyan putri saking Krajan Brunéi.

Rèng-rènganipun wonten pamarintahan ingkang kalaksanan déning Sri Sultan Hamengku Buwana VI yektinipun nglajengaken modèl ingkang kalampahan déning kangmasipun, inggih punika perang pasif. Punika bénten sanget kaliyan solahipun sultan sakdèrèngipun jumeneng kawisudha, ingkang sakdèrèngipun panjenengan dalem kanthi teteg anuwal kaputusanipun sang kaka prabu. Malihipun solah lan pratingkah sultan ingkang makaten, dadosaken kuciwa lan pungkasanipun damel ngaruhara ing Kasultanan. Begjanipun panjenengan dalem kairid déning Patih Danureja V ingkang kaloka lantip anggènipun damel siasat, saéngga kathah prekawis ingkang rungsit saged kapungkasan.

Salebeting pamaréntahan Sri Sultan Hamengku Buwana VI, wonten bancana alam ingkang nggegirisi. Lindhu ageng horegaken bumi Yogyakarta, rikala 10 Juni 1867. Kaserat, lindhu menika anjalari tiwasipun 500 kurban jiwa. Sanésipun, lindhu inggih ngrisak 327 wewangunan, salah satunggalipun inggih menika kraton. Wewangunan ingkang kalebet risak inggih menika Tugu Golong Giling (ingkang sakmenika Tugu Jogja). Ugi wewangunan Taman Sari ingkang risak. Nasib punika ugi dadosaken Masjid Gedhé, saha Loji Alit (Ingkang samenika Gedung Agung) ugi risak. Risakipun wangunan menika mbetahaken wekdal kanggé mbangun malih radi dangu. Tugu Golong Giling dipunpugar malih wonten ing pamaréntahan Sri Sultan Hamengku Buwana VII. Kaserat déning International Handbook of Earthquake and Éngineering Sesimology. Lindu menika nggadahi kekiyatan 6,8 SR.

Lindhu menika tamtu kémawon anjalari trauma, lajeng Sri Sultan Hamengku Buwana VI paring dhawuh supados lindhu menika mboten sah dipunènget-ènget, amargi lindu menika namung kadadéyan sepisan lan mboten kaambal malih. Menika dados adhedhasar, seratan-seratan bab lindhu namung wonten ing angen-angen, mboten wonten seratan ingkang kaserat déning pujangga-pujangga kraton.

Dinten 20 Juli 1887 (9 Rejeb 1806 TJ), nalika panjenenganipun ngancik yuswa 56 taun, Sri Sultan Hamengku Buwana VI surud. Panjenenganipun dipunsarèkaken wonten ing Astana Besiyaran, Pajimatan Imogiri. Wonten ing  13 Agustus 1877, putra dalem Radèn Mas Murtéja jumeneng nata dados Sri Sultan Hamengku Buwana VII. 

Tilaran Sri Sultan Hamengku Buwana VI

Yasan Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana VI  inggih menika Bedhaya Babar Layar saha Srimpi Endra Wasésa.

Wonten ing pamaréntahan Sri Sultan Hamengku Buwana VI, kasuwun kréta Kyai Wimana Putra ingkang kaginakaken nalika upacara jumenengan putra dalem dados sultan. Wonten ugi kréta kaluhuran Sri Sultan Hamengku Buwana VI ingkang taksih dipunginakaken, inggih menika Kyai Kangjeng Garudha Yaksa.

sŕi sultan haměŋku buwana 6

1855 - 1877

gusti raden mas (grm) mustaja miyos hiŋ 10 agustus 1821, iŋgiḥ měnika putŕa sŕi sultan haměŋku buwana 4 sakiŋ pŕameswari gusti kañjěŋ ratu (gkr) kěñcana. rikala tahun 1839, grm mustaja kawisuḍa hasmanipun dados paṅeran adipati maŋkubumi. lajěŋ pañjěněŋṅanipun pikantuk paŋkat letnan kolonel sakiŋ pamarintaḥ hindia bělanḍa. hiŋkaŋ hiŋ těmbe, pañjěněŋṅanipun miŋgaḥ paŋkat dados kolonel hiŋ tahun 1847.

nalika surud, sŕi sultan haměŋku buwana 5 mbotěn nilarakěn putŕa. 13 dintěn salajěŋṅipun pŕameswari gkr sěkaṙ kěḍaton miyosakěn putŕa hiŋkaŋ hasma grm timuṙ muhammad. nalika ṅañcik diwasa, grm timur muhammad pikantuk hasma  kañjěŋ paṅeran haryo (kph) suryanhiŋ ngalaga. pamarentaḥ koloniyal hindia bělanḍa lajěŋ nětěpakěn paṅeran adipati maŋkubumi dados sŕi sultan haměŋku buwana 6 hiŋkaŋ juměněŋ nata 5 juli 1855.

nalika ṅañcik yuswa 27 tahun, pañjěněŋṅanipun ḍaup kaliyan gkr kěñcana, putŕi daḷěm susuhunan paku buwana 7 sakiŋ surakarta. sasampunipun dados pŕameswarinipun sultan haměŋku buwana 6, ratu kěñcana pikantuk hasma gkr haměŋku buwana. ḍaup hagěŋ punika ñjalaṙri wontěnhiŋ sěsambětan hiŋkaŋ sae maliḥ antawisipun kasultanan yogỿakaṙta saha kasunanan surakarta hiŋkaŋ saderengipun kirang sěkeca wiwit pŕajañjen giyanti. sěsambětan hiŋkaŋ sae kaliyan kŕaton sanes ugi kaḷěksanan sasampunipun sŕi sultan haměŋku buwana 6 ḍaup kaliyan putŕi sakiŋ krajan unei.

reŋ-reŋṅanipun wontěn pamarintaḥan hiŋkaŋ kalaksanan deniŋ sŕi sultan haměŋku buwana 6 yěktinipun nglajěŋakěn model hiŋkaŋ kalampaḥhan deniŋ kangmasipun, iŋgiḥ punika pěraŋ pasif. punika bentěn saṅět kaliyan solaḥhipun sultan sakdereŋṅipun juměněŋ kawisuḍa, hiŋkaŋ sakdereŋṅipun pañjěněŋṅan daḷěm kanṭi tětěg anuwal kaputusanipun saŋ kaka pŕabu. maliḥipun solaḥ lan pratiŋkaḥ sultan hiŋkaŋ makaten, dadosakěn kuciwa lan puŋkasanipun daměl ṅaruhara hiŋ kasultanan. běgjanipun pañjěněŋṅan daḷěm kairid deniŋ patiḥ danurěja 5 hiŋkaŋ kaloka lantip aŋgennipun daměl siyasat, saheŋga kaṭah pŕěkawis hiŋkaŋ ruŋsit sagěd kapuŋkasan.

saḷěběttiŋ pamarentaḥhan sŕi sultan haměŋku buwana 6, wontěn bancana halam hiŋkaŋ ṅgegirisi. linḍu hagěŋ horěggakěn bumi yogỿakaṙta, rikala 10 juni 1867. kasěrat, linḍu měnika  añjalaṙri tiwassipun 500 kuṙban jiwa. sanessipun, linḍu iŋgiḥ ṅŕisak 327 wěwaṅunan, salaḥ satuŋgallipun iŋgiḥ měnika kŕaton. wěwaṅunan hiŋkaŋ kaḷěbět risak iŋgiḥ měnika tugu goloŋ giliŋ (hiŋkaŋ sakměnika tugu jogja). ugi wěwaṅunan taman sari hiŋkaŋ risak. nasib punika ugi dadosakěn masjid gěḍe, saha loji halit (hiŋkaŋ saměnika gědung agung) ugi risak. risakipun wangunan měnika mbětaḥhakěn wěkdal kangge mbangun maliḥ radi daṅu. tugu goloŋ giliŋ dipunpugaṙ maliḥ wontěn hiŋ pamarentaḥhan sŕi sultan haměŋku buwana 6i. kasěrat deniŋ intěṙnasiyonal hanbuk hof ěṭkuek en enñjěněriŋ sesimologi. linḍu měnika ṅgadaḥhi kěkiyatan 6,8 sr.

linḍu měnika tamtu kemawon añjalaṙri trahuma, lajěŋ sŕi sultan haměŋku buwana 6 pariŋ ḍawuḥ supados linḍu měnika mbotěn saḥ dipunṅeṅět-eṅět, hamaṙgi linḍu měnika namuŋ kadadeyan sěpisan lan mbotěn kaambal maliḥ. měnika dados aḍěḍasaṙ, sěratan-sěratan bab linḍu namuŋ wontěn hiŋ haṅen-haṅen, mbotěn wontěn sěratan hiŋkaŋ kasěrat deniŋ pujaŋga-pujaŋga kŕaton.

dintěn 20 juli 1887 (9 rějeb 1806 tj), nalika pañjěněŋṅanipun ṅañcik yuswa 56 tahun, sŕi sultan haměŋku buwana 6 surud. pañjěněŋṅanipun dipunsarekakěn wontěn hiŋ astana běsiyaran, pajimatan himogiri. wontěn hiŋ  13 agustus 1877, putŕa daḷěm raden mas muṙteja juměněŋ nata dados sŕi sultan haměŋku buwana 7. 

tilaṙran sŕi sultan haměŋku buwana 6

yasan daḷěm sŕi sultan haměŋku buwana 6  iŋgiḥ měnika běḍaya babaṙ layaṙ saha sŕimpi endŕa wasesa.

wontěn hiŋ pamarentaḥhan sŕi sultan haměŋku buwana 6, kasuwun kŕeta kyahi wimana putŕa hiŋkaŋ kaginakakěn nalika upacara juměněŋan putŕa daḷěm dados sultan. wontěn ugi kŕeta kaluhuṙran sŕi sultan haměŋku buwana 6 hiŋkaŋ taksiḥ dipunginakakěn, iŋgiḥ měnika kyahi kaŋjěŋ garuḍa yaksa.