ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ ꧇꧘꧇​

1921 - 1939

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦂꦪ꧇​꧓꧇ ꦩ​ꦉꦠ꧀ ꧇​꧑​꧘​꧘​꧐꧇ ꧈ ꦩꦶ​ꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ ꧇꧗꧇ ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦫ​ꦠꦸ​ ꧉ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧉ ꦲꦼ​ꦩꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦔꦶꦲꦱ꧀ꦩ​ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦫ​ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦱꦸ​ꦗ​ꦢꦶ​꧉ ꦱꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦢꦶ​ꦮ​ꦱ​꧈ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦱꦸ​ꦗ​ꦢꦶ​ꦥꦶ​ꦤ​ꦫꦶ​ꦔꦤ꧀ꦏ​ꦊꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ​ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪ ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ ꦥꦸ​ꦫꦸ​ꦧꦪ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦤ​ꦠꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ ꧇꧘꧇ ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​꧉

ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ꦥꦸꦫꦸꦧꦪ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥ​ꦫꦸ​ꦗ​ꦫꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦶ​ꦩꦼꦂ​ꦒꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲ​ꦮꦿꦠ꧀꧉ ꦮꦶ​ꦮꦶ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧗꧇​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶ​ꦱꦸ​ꦝ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦧ​ꦗꦼꦁꦱꦏꦶꦁ ꧉ꦒ꧈ꦏ꧈ꦫ꧉ ​ꦲꦼ​ꦩꦱ꧀꧈ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦲ​ꦏ꦳​ꦢꦶ​ꦪꦠ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶ​꧉ ꦲ​ꦤ​ꦔꦶꦁ​꧈ ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦢ​ꦔꦸ​ꦲꦁ​ꦒꦺ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦝ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶ​꧈ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦲ​ꦏ꦳​ꦢꦶ​ꦪꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦁ​ꦒꦼ​ꦫꦃ​ꦢꦸ​ꦩꦸ​ꦒꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀꧉ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸꦮꦤ꧇꧗꧇​ꦩꦶ​ꦱꦸ​ꦝ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦥꦿ​ꦠꦶꦱ꧀ꦛ​ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦱꦼ​ꦱꦸ​ꦭꦶꦃꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶ​ꦏ​ꦥꦶꦁ​ꦏ​ꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦁ​ꦒ​ꦝꦃ​ꦲꦶ​ꦒꦼ​ꦭꦂ​ꦲ​ꦢꦶ​ꦥ​ꦠꦶ​ꦗꦸ​ꦩꦶ​ꦤꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​꧈ ꦏ​ꦊꦁ​ꦒꦃ​ꦲ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴ​ꦕꦺꦴꦠ꧀ꦲ​ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦏ​ꦱ​ꦫ​ꦱ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦶ​ꦫꦁ​ꦱ​ꦲꦺ​꧉ ꦏ​ꦊꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦤ꧀ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦥꦶꦁ​ꦠꦶ​ꦒ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫꦶ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸ​ꦩ​ꦠꦼꦁ ꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​꧈ ꦲ​ꦤ​ꦔꦶꦁ​꧉ꦒ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀ꦲ​ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦒꦼ​ꦫꦃ​꧉ ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ ꧇꧗꧇ ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦏ​ꦊꦁ​ꦒꦃꦲꦤ꧀ꦥ​ꦔꦺ​ꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶ​ꦝꦸꦩ​ꦠꦼꦁ ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ 

​ꦥꦸ​ꦫꦸ​ꦧꦪ​꧉

ꦲꦶꦁ​ꦮꦂ​ꦱ​ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧐꧇ ꧈ ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ ꦥꦸ​ꦫꦸ​ꦧꦪ​ꦱ​ꦮꦼꦒ꧀ꦔꦁ​ꦱꦸ​ꦏ​ꦮꦿꦸꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧈ ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦫ​ꦩ​ꦢ​ꦊꦩ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ ꧇꧗꧇ ​ꦔꦼꦂꦱ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦧ​ꦝꦺ​ꦭꦺꦁ​ꦱꦺꦂ​ꦏꦼ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴꦤ꧀꧉ ꦲ​ꦮꦶꦠ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦉ​ꦱꦶ​ꦝꦺꦤ꧀ꦗꦺꦴꦤ꧀ꦏ꧀ꦮꦶꦂ​​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮ​ꦏꦶꦭ꧀ꦥꦼ​ꦩꦼ​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦃꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​꧈ ꦚꦸ​ꦮꦸꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦒꦸ​ꦧꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦺꦤ꧀ꦢꦼ​ꦫꦭ꧀ꦥ꦳ꦤ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦸꦂ​ꦱ꧀ꦠꦶ​ꦫꦸꦩ꧀ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼ​ꦔꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦏ​ꦊꦏ꧀ꦱ​ꦤꦤ꧀꧉

ꦲ​ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦢꦸ​ꦤꦸꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉​ꦥꦸꦫꦸ​ꦧꦪ​ꦱ​ꦮꦼꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧈ ꦩꦶ​ꦭ​ꦥ꦳ꦤ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦸꦂ​ꦱ꧀ꦠꦶ​ꦫꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱ​ꦫꦸ​ꦗꦸꦏ꧀ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦝ​ꦮꦸꦃ​ꦝꦸꦩ​ꦠꦼꦁ​ꦗꦺꦴꦤ꧀ꦏ꧀ꦮꦶꦂ ​ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲ​ꦩꦼꦏ꧀ꦱ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧗꧇​ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦤꦶꦩ꧀ꦧ​ꦭꦶ​꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ꦥꦸ​ꦫꦸ​ꦧꦪꦩ​ꦮꦶ​ꦠꦺꦭꦺ​ꦒꦿꦩ꧀꧉ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ​꧇꧗꧇ꦚ​ꦫꦸ​ꦗꦸ​ꦏꦶ​꧈ ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦔꦶ​ꦫꦶꦩ꧀ꦠꦺꦭꦺ​ꦒꦿꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶ​ꦮꦶ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸ​ꦭꦤ꧀ꦤꦺꦴ​ꦥꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧐꧇ ꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦊ​ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦺꦭꦺ​ꦒꦿꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​ ꧇​꧗꧇ ꦥ​ꦫꦶꦁ​ꦲꦸ​ꦤꦶ​ꦔ​ꦱꦸ​ꦥ​ꦢꦺꦴꦱ꧀꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ꦥꦸꦫꦸ​ꦧ​ꦪ​ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼ​ꦢ​ꦔꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺ ​ꦫꦺꦴ​ꦥꦃ​ꦲ​ꦩꦂ​ꦒꦶ​ꦥ​ꦫ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦥꦸ​ꦠꦿꦶ​ꦢ​ꦊꦩ꧀꧈ ꦱꦼꦤ꧀ꦠ​ꦤ​ꦭꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶ​ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁ​ꦒ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ​ꦫꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉

ꦱ​ꦭ​ꦗꦼ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉​ꦥꦸꦫꦸ​ꦧꦪꦱ​ꦫꦸ​ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ​ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦭꦤ꧀ꦏ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧗꧇​ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦭꦺꦫꦺꦃ​ꦏꦼ​ꦥꦿ​ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦭ​ꦗꦼꦁ​ꦩꦼ​ꦱꦁ​ꦒꦿꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼ​ꦱꦁ​ꦒꦿꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧ​ꦫꦸꦏ꧀ꦩ​꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦂꦪ​ ꧇​꧘꧇ ꦥꦺ​ꦧꦿꦸ​ꦮ​ꦫꦶ​ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧑꧇ ꧈  ꧉ꦒ꧈ꦥ꧈ꦲ꧉ ꦥꦸ​ꦫꦸꦧꦪꦏ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​꧉

ꦝꦼꦝ​ꦱꦂꦫꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶꦁ​ꦫ​ꦠꦸ​

ꦫ​ꦗ​ꦧꦿ​ꦤ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏ꧀ꦏ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦏ​ꦛꦃ​ꦏ​ꦭ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦒꦶ​ꦤ​ꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦏꦁ​ꦒꦺꦤꦸꦚ꧀ꦗꦁ​ꦥ​ꦮꦶ​ꦪ​ꦠꦤ꧀꧉ ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦫ​ꦩ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦱꦶ​ꦤꦸ​ꦮꦸꦤ꧀ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦲ​ꦤꦼ​ꦩꦃ​ꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦥꦸ​ꦠꦿꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ​ꦥ​ꦮꦶ​ꦪ​ꦠꦤ꧀ꦱ​ꦭꦸ​ꦲꦸꦂ​ꦭꦸ​ꦲꦸꦂ​ꦫꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦠꦸ​ꦮꦶꦤ꧀ꦩꦼ​ꦤ​ꦮꦶ​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦲ​ꦏꦼꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸ​ꦩꦸ​ꦒꦶ​ꦤꦼ​ꦒꦼ​ꦫꦶ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧉

ꦥ​ꦮꦶ​ꦪ​ꦠꦤ꧀꧈ ꦲꦺꦴꦂ​ꦒ​ꦤꦶ​ꦱ​ꦱꦶ​ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦠꦶ​ꦥꦶꦱ꧀ꦏ​ꦛꦃ​ꦩ​ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁ​ꦱ​ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​꧉ ꦱꦼ​ꦏꦺꦴ​ꦭꦃ​ꦠ​ꦩꦤ꧀ꦱꦶ​ꦱ꧀ꦮ​ꦤ​ꦱꦶ​ꦪꦺꦴ​ꦤꦭ꧀꧌ꦩ​ꦢꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁ​ ꧇​꧓꧇ ꦗꦸ​ꦭꦶ​ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧒꧇ ꧍꧈ ꦲꦺꦴꦂ​ꦒ​ꦤꦶ​ꦱ​ꦱꦶ​ꦥꦺꦴ​ꦭꦶ​ꦠꦶꦏ꧀ꦏ​ꦠꦺꦴ​ꦭꦶꦏ꧀ꦗ​ꦮꦶ​꧌ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧓꧇ ꧍ꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦫꦺꦱ꧀ꦥꦼ​ꦉꦩ꧀ꦥꦸ​ꦮꦤ꧀꧌ ꧇​꧑​꧙​꧒​꧐꧇ ꧍ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦠꦸ​ꦭ​ꦝ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉

 

ꦏ​ꦮꦶ​ꦒ​ꦠꦺ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶ​ꦤꦸ​ꦮꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏ​ꦫ​ꦲ​ꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦏ​ꦮꦸ​ꦭ​ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦲ​ꦒꦼꦁ​ꦱ​ꦔꦼꦠ꧀꧈ ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦔ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ​ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸ​ꦭꦤ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺ​ꦫꦸ​ꦩꦃ​ꦱ​ꦏꦶꦠ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂ​ꦢꦼ​ꦧꦺꦴ​ꦒꦼꦤ꧀꧌ꦱꦏ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧇ꦥꦤ꧀ꦠꦶ​ꦫ​ꦥꦶꦃ​꧍꧉

ꦏꦼ​ꦗ​ꦮꦶ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏ​ꦛꦃ​ꦔ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧ​ꦏꦤ꧀ꦮꦼ​ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱ​ꦏ꧀ꦊ​ꦧꦼ​ꦠꦶꦁ​ꦧꦺꦠꦺꦁ꧉ ꦧꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥ​ꦒꦼ​ꦭ​ꦫꦤ꧀꧈ ꦠꦿ​ꦠꦒ꧀ꦱꦶ​ꦠꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈ ꦒꦼꦂ​ꦧꦁ​ꦢ​ꦤ​ꦥꦿ​ꦠ​ꦥ​ꦭꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦒꦼ​ꦝꦺ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦱ​ꦮꦼ​ꦠ​ꦮꦶꦱ꧀ꦮꦼ​ꦮ​ꦔꦸ​ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦭꦸ​ꦮꦂ​ꦒ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏ​ꦛꦃ​ꦢ​ꦩꦼꦭ꧀ꦥꦿ​ꦥ​ꦱꦤ꧀꧉ ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦲ​ꦢ​ꦤꦶ​ꦱꦏ꧀ꦢꦺ​ꦫꦺꦁ​ꦔꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁ​ꦤ​ꦠ​꧉ ꦱ​ꦭꦃ​ꦱ​ꦠꦸꦁ​ꦒ​ꦭꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦤꦶ​ꦠꦶ​ꦥ꧀ꦥ​ꦏꦼꦤ꧀ꦥ​ꦫ​ꦥꦸ​ꦠꦿ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦏ꧀ꦗ​ꦮꦶ​ꦤꦶꦁꦧꦺꦠꦺꦁ꧉ ꧉ꦧ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦢꦫ​ꦗ​ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗꦸ​ꦩꦼ​ꦤꦼꦁꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧙꧇ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​꧈ ꦮꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦪꦸ​ꦱ꧀ꦮ​ ꧇​꧔꧇ ꦮꦂꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦠꦶ​ꦠꦶ​ꦥ꧀ꦥ​ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏ​ꦭꦸ​ꦮꦂ​ꦒ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧉ ꦩ꧀ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥ​ꦩꦺꦴꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗ​ꦒꦶ​꧉ ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦠꦶ​ꦩꦸꦂ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦏꦼ​ꦢꦃ​ꦏꦸ​ꦩ​ꦮꦶꦃ​ꦭꦤ꧀ꦩ​ꦔꦼꦂ​ꦠꦺꦴ​ꦱ꧀ꦱꦶꦒꦼ​ꦱꦁ​ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺ​ꦠꦶ​ꦪꦁ​ꦲ​ꦭꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦏ꧀ꦗ​ꦮꦶ​ꦤꦶꦁ​ꦧꦺꦠꦺꦁꦭꦶ​ꦩꦿ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉

ꦱꦼ​ꦢ​ꦪ​ꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶ​ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ꧇꧘꧇​ꦏ​ꦱꦼ​ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦊ​ꦭꦶꦩ꧀ꦧ​ꦔ​ꦤꦶꦁ​ꦲꦩ꧀ꦧꦼ​ꦏ꧀ꦏꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶ​ꦤꦸ​ꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦁ​ꦒ​ꦝꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦲꦸꦒꦼꦂ​ꦫꦤ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥ​ꦫꦶ​ꦧ​ꦱꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁ​ꦱꦶꦁ​ꦏ​ꦭꦶ​ꦔꦤ꧀ꦱꦸ​ꦏ​꧈ ꦲꦶ​ꦭꦁ​ꦥꦿ​ꦪꦶ​ꦠ​ꦤꦺ​꧉

ꦤ​ꦭꦶ​ꦏ​ꦮꦂ​ꦱ​ ꧇​꧑​꧙​꧓​꧙꧇ ꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦤꦶꦩ꧀ꦧ​ꦭꦶ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉ꦧ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ ꦢꦫ​ꦗ​ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦺ​ꦲ​ꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃ​ꦮꦶ​ꦪ​ꦠ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶ​꧉ ꦱꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶ​ꦤꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧ​ꦠ​ꦥꦶ​ꦪꦃ꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦤꦸ​ꦭꦶ​ꦩ​ꦫꦶꦁ​ꦔ​ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼ​ꦫꦶꦱ꧀ꦥꦸ​ꦱ​ꦏ​ꦏꦾꦲꦶꦗꦏ​ꦥꦶ​ꦠꦸ​ꦫꦸꦤ꧀ꦝ​ꦠꦼꦁ​ꦢꦫ​ꦗ​ꦠꦸꦤ꧀꧉ ꦩꦶ​ꦭ​ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦮꦼꦂ​ꦢꦶ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦢꦫ​ꦗ​ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦶ​ꦱꦸ​ꦢ​ꦢ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥ​ꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥ​ꦠꦶꦩꦶꦤꦁꦏꦱꦼꦱꦸꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁ​ꦏꦺ​ꦱꦸ​ꦫꦸ​ꦢ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​ ꧇​꧘꧇ ꧉

ꦱ​ꦏ꧀ꦫꦮꦸꦃ​ꦲꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦧ​ꦠ​ꦥꦶ​ꦪꦃꦲ​ꦩ​ꦥꦒ꧀ ꧉ꦧ꧈ꦫ꧈ꦩ꧉ꦢ​ꦫ​ꦗ​ꦠꦸꦤ꧀꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦱꦸ​ꦫꦸꦢ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦂꦪ꧇​꧒​꧒꧇ ꦲꦺꦴꦏ꧀ꦠꦺꦴ​ꦧꦼꦂ​ ꧇​꧑​꧙​꧓​꧙꧇ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦸ​ꦩꦃ​ꦱ​ꦏꦶꦠ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦶ​ꦫ​ꦥꦶꦃ​꧉ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦱ​ꦫꦺ​ꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦠ​ꦤ​ꦱꦥ꧀ꦠ​ꦉꦁ​ꦒ​꧈ ꦥ​ꦗꦶ​ꦩ​ꦠꦤ꧀ꦲꦶ​ꦩꦺꦴ​ꦒꦶ​ꦫꦶ​꧉

ꦠꦶꦁ​ꦒ​ꦭꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇

ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦲ​ꦠꦸꦂ​ꦫ​ꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ​ꦏ꧀ꦊ​ꦧꦼ​ꦠꦶꦁ​ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​꧈ ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦲꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶ​ꦏꦼ​ꦩ​ꦗꦼꦁ​ꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦥ​ꦮꦶ​ꦪ​ꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏ​ꦫ​ꦲ​ꦗꦼꦁꦔꦤ꧀꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦝ​ꦒꦶ​꧈ ꦮꦸ​ꦗꦸ​ꦢ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦏ​ꦫ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦏ꧀ꦩꦼ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦥ​ꦉꦩ꧀ꦧ​ꦏꦤ꧀ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮ​ꦤ​ ꧇​꧘꧇꧉

ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧ​ꦧ​ꦒꦤ꧀ꦱꦼ​ꦤꦶ​ꦧꦼ​ꦝ​ꦪ​꧈ ꦏ​ꦛꦃ​ꦱ​ꦔꦼꦠ꧀ꦪ​ꦱꦤ꧀ꦢ​ꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦒꦒꦿꦒ꧀ꦫꦶ​ꦏ​ꦭ​ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼ​ꦤꦼ​ꦔ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦏ​ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦧꦼꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩ꧀ꦥꦶ​ꦭ​ꦪꦸ​ꦭ​ꦪꦸ​꧈ ꦧꦼꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦒ​ꦛꦸꦠ꧀ꦏ​ꦕ​ꦱꦸ​ꦠꦺ​ꦗ​꧈ ꦧꦼ​ꦝ​ꦪ​ꦒꦤ꧀ꦢꦿꦸꦁ​ꦩ​ꦤꦶꦱ꧀꧈ ꦧꦼ​ꦝꦪ​ꦏꦸ​ꦮꦸꦁ​ꦏꦸ​ꦮꦸꦁ​ꦭꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦥ​ꦤꦸꦁ​ꦒꦶ​ꦭ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦭ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦲꦸ​ꦒꦶ​꧈ ꦥ​ꦤꦼ​ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦲꦸ​ꦒꦼꦂ​ꦫ​ꦤꦶꦁ​ꦧꦼ​ꦝ​ꦪ​ꦒ​ꦒꦿꦒ꧀ꦔ​ꦪꦺꦴ​ꦒꦾ​ꦏꦂ​ꦠ​ꦏ​ꦮꦶ​ꦮꦶ​ꦠꦤ꧀꧉

ꦥ​ꦫꦶ​ꦤ​ꦠ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​ꦲꦸ​ꦒꦶ​ꦏꦲꦸ​ꦤꦶ​ꦔꦤ꧀ꦩꦶ​ꦤꦁ​ꦏ​ꦏ​ꦭ​ꦏꦼꦚ꧀ꦕ​ꦤ​ꦤꦶ​ꦥꦸꦤ꧀ꦥ​ꦒꦼ​ꦭ​ꦫꦤ꧀ꦫꦶꦁ​ꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶ​ꦪꦁ​꧉ ꦥ​ꦒꦼ​ꦭ​ꦫꦤ꧀ꦲ​ꦒꦼꦁ​ꦫꦶꦁ​ꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶ​ꦪꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ ꧇​꧓꧇ ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏ​ꦛꦃ​ꦭꦤ꧀ꦲ​ꦱꦿꦶꦁ​ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ​ꦏꦼꦤ꧀꧉ ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦱ​ꦏꦶꦁ​ ꧇​꧒​꧐꧇ ꦭ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦶ​ꦥꦸ​ꦤ꧀ꦒꦒꦿꦒ꧀ꦢꦺ​ꦤꦶꦁꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇​꧉

ꦱ​ꦏꦶꦁ​ꦠ​ꦠ​ꦧꦸ​ꦱ​ꦤ​ꦧꦼ​ꦝꦪ​꧈ ꦯꦿꦶꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲ​ꦩꦼꦁ​ꦏꦸ​ꦧꦸ​ꦮꦤ꧇꧘꧇ꦔ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼ​ꦤ​ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦺꦮꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲ​ꦒꦼꦁ​꧉ ꦧꦼ​ꦝꦪ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦶ​ꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦭ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​ꦧꦺꦴ​ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃ​ꦭꦤ꧀ꦥ​ꦲꦺꦱ꧀ꦲ​ꦒꦼꦁ​꧉ ꦲꦶꦁ​ꦏ​ꦭ​ꦥꦸ​ꦤꦶ​ꦏ​꧈ ꦥ​ꦫ​ꦥ​ꦩꦼ​ꦝꦪ​ꦒꦶ​ꦤ​ꦏ​ꦏꦼꦤ꧀ꦗ​ꦩꦁ​ꦭꦤ꧀ꦮꦸ​ꦭꦸ​ꦮꦸ​ꦭꦸ​꧈ ꦧꦸ​ꦱ​ꦤ​ꦠꦤ꧀ꦥ​ꦊ​ꦔꦼꦤ꧀ꦱꦂ​ꦠ​ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦱꦼ​ꦉ​ꦢ꧀ꦢꦤ꧀꧉

Sri Sultan Hamengku Buwono VIII

1921 - 1939

Wonten ing surya 3 Maret 1880, miyos putra dalem Sri Sultan Hamengku Buwono VII saking Gusti Kanjeng Ratu(GKR) Hemas ingkang dipunparingi asma Gusti Radèn Mas (GRM) Sujadi. Saksampunipun ngancik diwasa, GRM Sujadi pinaringan kalenggahan minangka Gusti Pangéran Harya (GPH) Puruboyo ingkang jumeneng nata Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ing tembé.

Lampahipun GPH Puruboyo minangka parujaripun kaprabon anglampahi mergi ingkang awrat. Wiwitanipun, Sri Sultan Hamengku Buwana VII sampun misudha putra bajeng saking GKR Hemas, GRM Akhadiyat minangka Pangéran Pati. Ananging, boten dangu anggènipun dipunwisudha dados pangéran pati, GRM Akhadiyat nandang gerah dumugining surud. Sri Sultan Hamengku Buwono VII misudha GRM Pratistha minangka sesulihipun. Pangéran pati kaping kalih ingkang anggadhahi gelar Adipati Juminah punika, ing tembé, kalenggahanipun dipunpocot amargi kasarasanipun ingkang kirang sae. Kalenggahan Pangeran Pati ing kaping tiga punika dipunparingaken dhumateng GRM Putra, ananging GRM Putra nuli surud amargi gerah. Ing tembé, Sri Sultan Haměngku Buwono VII nuli paring kalenggahan Pangéran Pati dhumateng GPH Puruboyo.

Ing warsa 1920, GPH Puruboyo saweg ngangsu kawruh wonten ing Walandi, nalika rama dalem, Sri Sultan Hamengku Buwono VII ngersakaken badhé lèngsèr keprabon. Awit saking punika, Résidèn Jonquire ingkang dados wakil Pemerintah Walandi ing Ngayogyakarta, nyuwun dhateng Gubernur Jenderal van Limburg Stirum supados jumenengan dalem énggal-énggal kaleksanan

Amargi dunungipun GPH Puruboyo saweg wonten Walandi, mila van Limburg Stirum ingkang sarujuk paring dhawuh dhumateng Jonquire supados ameksa Sri Sultan Hamengku Buwono VII kanggé nuli nimbali GPH Puruboyo mawi télégram. Sri Sultan Hamengku Buwono VII nyarujuki, lajeng nuli ngirim télégram wonten wiwitanipun wulan Novèmber 1920. Wonten lebet télégram punika, Sri Sultan Hamengku Buwana 7 paring uninga supados GPH Purubaya boten kedangon wonten Éropah amargi para putra putri dalem, sentana lan abdi dalem sampun nengga konduripun.

Salajengipun GPH Puruboyo sarujuk kondur dhateng Ngayogyakarta lan kajumenengaken Sultan, Sri Sultan Hamengku Buwono VII nuli lèngsèr keprabon lajeng mesanggrah wonten Pesanggrahan Ambarukmo. Wonten ing surya 8 Februari 1921, GPH Puruboyo kajumenengaken minangka Sri Sultan Hamengku Buwono VIII.

Dhedhasaripun Parinataning Ratu

Rajabrananipun karaton ingkang sakkalangkung kathah kala punika, dipunginaaken déning Sri Sultan Hamengku Buwono VIII kanggé nunjang pawiyatan. Kados Ramanipun, Sinuwun ugi anemahaken putra-putrinipun nempuh pawiyatan saluhur-luhuripun, tuwin menawi dipunkedahaken ngantos dumugi Negeri Walandi.

Pawiyatan, organisasi lan wontenipun aktivis kathah makembang ing mangsa parinatanipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII. Sekolah Taman Siswa Nasional (madeg ing 3 Juli 1922), Organisasi Politik Katolik Jawi (1923) lan Kongrès Perempuan (1920) minangka tuladhanipun. 

Kawigatènipun sinuwun wonten karahajenging kawula Ngayogyakarta ugi ageng sanget, kadosdéné ngawontenaken ambulans kanggé Rumah Sakit Onder de Bogen (sakpunika: Panti Rapih).

Kejawi menika, Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ugi kathah ngawontenaken pangrembakan wewangunan ing saklebeting bètèng. Bangsal Pagelaran, Tratag Siti Hinggil, Gerbang Danapratapa lan Masjid Gedhé inggih punika sawetawis wewangunan ingkang panjenenganipun rembak.

Wonten ing kaluwarganipun, Sri Sultan Haměngku Buwono VIII ugi kathah damel prapasan. Menika sampun dipunadani sakdèrèngipun jumeneng nata. Salah satunggalipun inggih punika nitipaken para putra ing sakjawining bètèng. BRM Dorojatun ingkang jumeneng Sri Sultan Hamengku Buwono IX ing tembé, wiwit yuswa 4 taun sampun katitipaken wonten kaluwarga Walandi. Mboten wonten pamong ingkang jagi. Pangéean timur menika kedah kumawih lan mangertosi gesang kadosdéné tiyang alit ing sakjawining bètèng limrahipun.

Sedaya ancas ingkang dipunlampahi déning Sri Sultan Hamengku Buwana VIII kasebat inggih punika lelimbanganing ambekipun sinuwun ingkang anggadhahi paugeran saking paribasan “wong sing kalingan suka, ilang prayitane”.

Nalika warsa 1939, Sri Sultan Hamengku Buwono VIII nimbali kondur BRM Dorojatun ingkang nembé anempuh wiyata wonten ing Walandi. Saksampunipun pinanggih wonten Batavia, Sri Sultan Hamengku Buwono VIII nuli maringaken keris pusaka Kyai Joko Piturun dhateng BRM Dorojatun. Mila menika werdinipun, BRM Dorojatun sampun dipunwisuda dados Pangéran Pati ing mangké surudipun Sri Sultan Hamengku Buwana 8.

Sakrawuhipun saking Batavia amapag BRM Darajatun, Sri Sultan Hamengku Buwono VIII surud ing surya 22 Oktober 1939 wonten Rumah Sakit Panti Rapih. Sri Sultan Hamengku Buwono VIII dipunsarekaken wonten ing Astana Saptarengga, Pajimatan Imogiri.

Tinggalan Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono VIII

Kados ingkang sampun dipunaturaken wonten nginggil, wonten saklebeting parinatanipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII, Ngayogyakarta anglampahi kemajengan wonten ing babagan pawiyatan lan karahajengan. Wonten babagan undhagi, wujudipun Karaton Dalem ing sakmenika inggih saking parembakan rikala parinatanipun Sri Sultan Hamengku Buwana 8

Wonten ing babagan seni bedhaya, kathah sanget yasan dalem ingkang dipungagrag rikala parinataning panjenenganipun. Kados déné Beksan Srimpi Layu-layu, Beksan Gathutkaca-Sutéja, Bedhaya Gandrung Manis, Bedhaya Kuwung-Kuwung lan sakpanunggilanipun. Wonten ing kala punika ugi, panetepan paugeraning bedhaya gagrag Ngayogyakarta kawiwitan.

Parinatanipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ugi kauningan minangka kala kencananipun pagelaran ringgit tiyang. Pagelaran ageng ringgit tiyang ngantos 3 dinten kathah lan asring dipunwontenaken. Langkung saking 20 lakon dipungagrag déning Sri Sultan Hamengku Buwono VIII.

Saking tata busana bedhaya, Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ngawontenaken ewahan ageng. Bedhaya ingkang miyos ing kala punika boten nganggé kampuh lan paès ageng. Ing kala punika, para pamedhaya ngginakaken jamang lan wulu-wulu, busana tanpa lengen sarta kain seredan.

sri sultan haměŋku buwana 8

1921 - 1939

wontěn hiŋ suṙya 3 maṛět 1880, miyos putŕa daḷěm sŕi sultan haměŋku buwana 7 sakiŋ gusti kañjěŋ ratu gkr hěmas hiŋkaŋ dipun pariŋṅi hasma gusti raden mas grm sujadi. saksampunipun ṅañcik  diwasa, grm sujadi pinariṅan kaḷěŋgaḥhan minaŋka gusti paṅeran haṙya gph purubaya hiŋkaŋ juměněŋ nata sŕi sultan haměŋku buwana 8 hiŋ těmbe.

lampaḥhipun gph purubaya minaŋka parujaripun kapŕabon haŋlampaḥhi měṙgi hiŋkaŋ hawŕat. wiwitanipun, sŕi sultan haměŋku buwana 7 sampun misuḍa putŕa bajěŋ sakiŋ gkr hěmas, grm haḳadiyat minaŋka paṅěran pati. hanaṅiŋ, botěn daṅu haŋgenipun dipunwisuḍa dados paṅeran pati, grm haḳadiyat nandaŋ gěraḥ dumuginiŋ surud. sŕi sultan haměŋku buwana 7 misuḍa grm pŕatisṭa minaŋka sěsuliḥhipun. paṅeran pati kapiŋ kaliḥ hiŋkaŋ haŋgaḍaḥhi gělaṙ hadipati juminaḥ punika, hiŋ těmbe, kaḷěŋgaḥhanipun dipunpocot hamaṙgi kasarasanipun hiŋkaŋ kiraŋ sahe. kaḷěŋgaḥhan paṅeran pati hiŋ kapiŋ tiga punika dipunpariṅakěn ḍumatěŋ grm putŕa, hanaṅiŋ grm putŕa nuli surud hamaṙgi gěraḥ. hiŋ těmbe, sŕi sultan haměŋku buwana 7 nuli pariŋ kaḷěŋgaḥhan paṅeran pati ḍumatěŋ gph purubaya. 

hiŋ waṙsa 1920, gph purubaya sawěg ṅaŋsu kawŕuḥ wontěn hiŋ walandi, nalika rama daḷěm, sŕi sultan haměŋku buwana 7 ṅěṙsakakěn baḍe leŋsěṙ kěpŕabon. hawit sakiŋ punika, ṛěsiḍen jonkwiṙ hiŋkaŋ dados wakil pěměrintaḥ walandi hiŋ ṅayogỿakaṙta, ñuwun ḍatěḍ guběṙnuṙ jenděral fan limbur stirum supados juměněṅan daḷěm heŋgal-heŋgal kaḷěksanan. 

hamaṙgi dunuŋṅipun gph purubaya sawěg wontěn walandi, mila fan limbuṙ stirum hiŋkaŋ sarujuk pariŋ ḍawuḥ ḍumatěŋ jonkwiṙ supados haměksa sŕi sultan haměŋku buwana 7 kaŋge nuli nimbali gph purubaya mawi telegŕam. sŕi sultan haměŋku buwana 7 ñarujuki, lajěŋ nuli ṅirim telegŕam wontěn wiwitanipun wulan nopemběṙ 1920. wontěn ḷěbět telegŕam punika, sŕi sultan haměŋku buwana 7 pariŋ huniṅa supados gph purubaya botěn kědaṅon wontěn heropaḥ hamaṙgi para putŕa-putŕi daḷěm, sěntana lan habdi daḷěm sampun něŋga konduṙripun.

salajěṅipun gph purubaya sarujuk konduṙ ḍatěŋ ṅayogỿakaṙta lan kajuměněṅakěn sultan, sŕi sultan haměŋku buwana 7 nuli lereḥ kěpŕabon lajěŋ měsaŋgŕaḥ wontěn pěsaŋgŕaḥhan hambarukma. wontěn hiŋ suṙya 8 pebŕuwari 1921, gph purubaya kajuměněṅakěn minaŋka sŕi sultan haměŋku buwana 8.

 

ḍěḍasaṙripun parinataniŋ ratu

rajabŕananipun karaton hiŋkaŋ sakkalaŋkuŋ kaṭaḥ kala punika, dipunginakhakěn deniŋ sŕi sultan haměŋku buwana 8 kaŋge nuñjaŋ pawiyatan. kados ramanipun, sinuwun hugi haněmaḥhakěn putŕa-putŕinipun němpuḥ pawiyatan saluhuṙ-luhuṙripun, tuwin měnawi dipunkědaḥhakěn ṅantos dumugi něgěri walandi.

pawiyatan, hoṙganisasi lan wontěnipun haktipis kaṭaḥ makěmbaŋ hiŋ maŋsa parinatanipun sŕi sultan haměŋku buwana 8. sěkolaḥ taman siswa nasiyonal (maděg hiŋ 3 juli 1922), hoṙganisasi politik katolik jawi (1922) lan koŋres pěṛěmpuwan (1920) minaŋka tulaḍanipun. 

kawigatenipun sinuwun wontěn karahajěŋṅiŋ kawula ṅayogỿakaṙta hugi hagěŋ saṅět, kados dene ṅawontěnakěn hambulan kaŋge rumaḥ sakit honděṙ dě bogěn (sakpunika: panti rapiḥ)

kějawi měnika, sŕi sultan haměŋku buwana 8 hugi kaṭaḥ ṅawontěnakěn paṅŕěmbakan wěwaṅunan hiŋ sakḷěbětiŋ beteŋ. baŋsal pagělaran, tŕatag siti hiŋgil, gěṙbaŋ danapŕatapa lan masjid gěḍe hiŋgiḥ punika sawětawis wěwaṅunan hiŋkaŋ pañjěněṅanipun ṛěmbak.

wontěn hiŋ kaluwaṙganipun, sŕi sultan haměŋku buwana 8 hugi kaṭaḥ daměl pŕapasan. měnika sampun dipunhadani sakdereŋṅipun juměněŋ nata. salaḥ satuŋgalipun hiŋgiḥ punika nitippakěn para putŕa hiŋ sakjawiniŋ beteŋ. brm darajatun hiŋkaŋ juměněŋ sŕi sultan haměŋku buwana 9 hiŋ těmbe, wiwit yuswa 4 waṙsa sampun katitippakěn wontěn kaluwaṙga walandi.  mbotěn wontěn pamoŋ hiŋkaŋ jagi. paṅeran timuṙ měnika kědaḥ kumawiḥ lan maṅěṙtossi gěsaŋ kados dene tiyaŋ halit hiŋ sakjawiniŋ beteŋ limŕahipun.

sědaya hañcas hiŋkaŋ dipunlampaḥhi deniŋ sŕi sultan haměŋku buwana 8 kasěbat hiŋgiḥ punika ḷělimbaṅaniŋ hamběkkipun sinuwun hiŋkaŋ haŋgaḍaḥhi pahugěṙran sakiŋ paribasan “woŋ siŋ kaliṅan suka, hilaŋ pŕayitane.”

nalika waṙsa 1939, sŕi sultan haměŋku buwana 8 nimbali konduṙ brm darajatun hiŋkaŋ němbe haněmpuḥ wiyata wontěn hiŋ walandi. saksampunipun pinaŋgiḥ wontěn batapiyaḥ, sŕi sultan haměŋku buwana 8 nuli mariŋṅakěn kěris pusaka kỿahi jaka piturun ḍatěŋ darajatun. mila měnika wěṙdinipun, darajatun sampun dipunwisuda dados paṅeran pati minaŋka sěsuliḥ hiŋ maŋke suruddipun sŕi sultan haměŋku buwana 8.

sakrawuḥhipun sakiŋ batapiyaḥ hamapag brm darajatun, sŕi sultan haměŋku buwana 8 surud hiŋ suṙya 22 hoktoběr 1939 wontěn rumaḥ sakit panti rapiḥ. sŕi sultan haměŋku buwana 8 dipunsarekkakěn wontěn hiŋ hastana saptaṛěŋga, pajimatan himogiri.

tiŋgalan daḷěm sŕi sultan haměŋku buwana 8

kados hiŋkaŋ sampun dipunhatuṙrakěn wontěn ṅiŋgil, wontěn sakḷěbětiŋ parinatanipun sŕi sultan haměŋku buwana 8, ṅayogỿakaṙta haŋlampaḥhi kěmajěŋṅan wontěn hiŋ babagan pawitayan lan karahajěŋṅan. wontěn babagan hunḍagi, wujuddipun karaton daḷěm hiŋ sakměnika hiŋgiḥ sakiŋ paṛěmbakan rikala parinatanipun sŕi sultan haměŋku buwana 8.

wontěn hiŋ babagan sěni běḍaya, kaṭaḥ saṅět yasan daḷěm hiŋkaŋ dipungagŕag rikala parinataniŋ pañjěněṅanipun. kados dene běksan sŕimpi layu-layu, běksan gaṭutkaca suteja, běḍaya gandŕuŋ manis, běḍaya kuwuŋ-kuwuŋ lan sakpanuŋgilanipun. wontěn hiŋ kala punika hugi, panětěppan pahugěṙraniŋ běḍaya gagŕag ṅayogỿakaṙta kawiwitan. 

parinatanipun sŕi sultan haměŋku buwana 8 hugi kahuniṅan minaŋka kala kěñcananipun pagělaran riŋgit tiyaŋ. pagělaran hagěŋ riŋgit tiyaŋ ṅantos 3 dintěn kaṭaḥ lan hasŕiŋ dipunwontěnakěn. laŋkuŋ sakiŋ 20 lakon dipungagŕag deniŋ sŕi sultan haměŋku buwana 8.

sakiŋ tata busana běḍaya, sŕi sultan haměŋku buwana 8 ṅawontěnakěn hewaḥhan hagěŋ. běḍaya hiŋkaŋ miyos hiŋ kala punika bptěn ṅaŋge kampuḥ lan pahes hagěŋ. hiŋ kala punika, para paměḍaya ginakakěn jamaŋ lan wulu-wulu, busana tanpa ḷěṅěn saṙta kahin sěṛěddan.